Karodene ditunggangake ing kreta titihane piyambak kang nomer loro, sarta ing ngarepe ana kang alok-alok: “Hurmat!” Mangkono anggone Yusuf diangkat dening Sang Prabu Pringon dadi kang mengku satanah Mesir kabeh.
Awit padha kaya Yunus anggone ana ing wetenge iwak telung dina telung bengi, mangkono uga Putraning Manungsa bakal ana ing jerone telenging bumi telung dina telung bengi.
sarta wong-wong banjur gawe rerekan makutha eri, nuli ditrapake ing mustakane, astane tengen dicaosi lantaran glagah. Sawise mangkono wong-wong padha jengkeng ana ing ngarsane lan kanthi ngece pangucape: “Ngaturaken sugeng, dhuh Ratunipun tiyang Yahudi!”
Nanging kapriye pangandikane Gusti Allah marang Nabi Elia mau? Mangkene: “Ingsun isih ngengehake wong pitung ewu kagem Ingsun, kang ora tau sujud nyembah marang Baal.”
minangka pacawisan ganeping wektu manunggaling sakabehe ana ing Sang Kristus kang dadi sesirahing sakabehe iku mau iya kang ana ing swarga iya kang ana ing bumi.
Sarta nalika Panjenengane ngirid Ingkang Putra kang pembayun marang jagad, Panjenengane ngandika: “Sakehe malaekating Allah kudu nyembah marang Panjenengane.”
para pinituwa patlikur mau banjur padha sumungkem ana ing ngarsane kang lenggah ing dhampar iku, sarta sujud marang Panjenengane kang gesang ing salawas-lawase. Sarta padha nyelehake makuthane ana ing sangarepe dhampar iku kalawan munjuk: