Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




FILIPI 1:30 - Kitab Sutji

30 padha tarung kaya kang wus kokdeleng biyen ana ing aku, lan kang saiki kokrungu mungguh ing aku.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




FILIPI 1:30
21 Iomraidhean Croise  

AnggonKu mulangake iku mau kabeh marang kowe iku, supaya kowe padha oleha tentrem-rahayu ana ing Aku. Ana ing donya kowe padha nandhang panganiaya, nanging padha diteteg atimu, Aku wus ngalahake donya.”


satemah wus cetha tumrap sakehing priyayi kraton lan wong liya-liyane kabeh, manawa aku dikunjara marga saka Sang Kristus.


iku kang dakprasudi lan daktempuh kalawan sakabehing kakuwatan laras karo panguwasane Gusti kang makarya ana ing aku kalawan kuwat.


Amarga karepku, supaya kowe padha sumurupa, sapira abote perang kang daktindakake kanggo kowe lan para wong kang ana ing Laodhikia, lan iya kanggo sapa bae kang durung tau weruh marang pribadiku tata lair,


Ananging sanadyan ing maune, kaya kang wus padha koksumurupi, aku padha dikaniaya lan disiya-siya ana ing kutha Filipi, ewadene marga saka pitulunganing Allah kita, aku kabeh padha oleh kakendelan anggonku padha ngabarake Injiling Allah marang kowe kabeh ana ing sajroning pakewuh kang abot.


Nglakonana tarunging pracaya kang utama, nggayuha urip langgeng, kang dadi underane anggonmu katimbalan sarta anggonmu nglairake sahadat kang bener ana ing ngarepe seksi akeh.


Aku wus mungkasi tetandhingan kang utama, aku wus nyandhak garis wekasan, aku wus ngantepi ing pracaya.


Sarehne kita duwe seksi akeh banget, kayadene mega kang ngupengi kita, mulane payo padha mbuwang sakabehing momotan sarta dosa kang tansah ngganggu-gawe kita, sarta kalawan mantep padha lumayu ing pabalapan kang kawajibake marang kita.


Anggonmu perang nanggulangi dosa iku durung nganti padha ngwutahake getih.


Lan anggone padha ngalahake srana rahe Sang Cempe, lan srana tembunge paseksene. Sabab padha ora ngeman marang nyawane dhewe nganti tumeka ing pati.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan