Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




FILIPI 1:27 - Kitab Sutji

27 Mung bae kalakuanmu kacundhukna karo Injile Sang Kristus, supaya manawa aku teka aku ndeleng, dene manawa aku ora teka aku krungu, yen kowe padha mantep atunggal roh lan saiyeg padha tumindak sakatoge kanggo iman kang tuwuh saka ing Injil

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




FILIPI 1:27
53 Iomraidhean Croise  

Sang Yoab nuli ngandika: “Manawa wong Aram iku kakuwatane ngluwihi aku kowe nulungana aku, dene manawa bani Amon kakuwatane ngluwihi kowe, kowe bakal daktulungi.


He Yerusalem, kang wus kaadegake dadi kutha sesanggitan rapet,


Kidung jiyarah anggitane Prabu Dawud. Saiba prayoga lan endahe, manawa para sadulur kang manggon saomah padha rukun.


Awit Pangeran Yehuwah mbelani prakarane, sarta sing sapa ngrampas marang wong mau, iku bakal dirampas nyawane.


Karo maneh Ingsun bakal maringi padha tunggal budi lan tunggal tindak-tanduk, temah padha sumuyud marang Ingsun ing sauruting jaman murih becike saturun-turune besuk.


Sarehne Gusti Yesus mirsa pikirane wong-wong mau, banjur padha dipangandikani: “Saben krajan, kang rakyate padha dredah, iku mesthi rusak. Lan saben kutha utawa omah kang wonge padha dredah iku ora bisa lestari.


Sadina-dina tansah padha nglumpuk ana ing Padaleman Suci kalawan tegen sarta saiyeg. Padha nyuwil-nyuwil roti ana ing omahe giliran, padha mangan bebarengan kalawan bungah lan ati kang tulus,


Let sawatara dina Sang Feliks rawuh karo garwane, Sang Putri Drusila, putri Yahudi, banjur dhawuh nimbali Rasul Paulus sarta nuli midhangetake katrangane bab pracaya marang Gusti Yesus Kristus.


Anadene sagolonganing wong kang wis pracaya iku padha tunggal ati lan tunggal budi, lan ora ana wong siji-sijia kang rumangsa, yen barang kang kadarbe iku duweke dhewe, nanging samubarang kabeh padha dianggep dadi duweking ngakeh.


Ujer aku ora isin mungguhing Injil, awit Injil iku kakiyatane Gusti Allah kang ndadekake rahayu angger wong kang pracaya, luwih-luwih wong Yahudi, nanging uga wong Yunani.


Kalawan lumantar Panjenengane, aku padha oleh sih-rahmat sarta kalenggahan rasul, kadhawuhan nuntun marang kabeh bangsa, supaya padha pracaya lan mbangun-turut marang Asmane.


Sabab Gusti Allah kang dakladeni kanthi gumolonging atiku ing sajrone ngabarake Injile Kang Putra, iku kang dadi seksiku anggonku ora pegat ngelingi marang kowe ana ing sajroning pandongaku:


Nanging kapriye wewarahe? Mangkene: “Pangandika iku cedhak karo kowe, ana ing tutukmu lan ana ing atimu.” Yaiku pangandika bab pracaya, kang dakwartakake.


yaiku manawa aku kepareng dadi peladose Sang Kristus Yesus kanggo bangsa-bangsa saliyane bangsa Yahudi ing bab ngabarake Injile Gusti Allah, supaya bangsa-bangsa mau bisaa katampi ing Gusti Allah, minangka pisungsung kang dadi keparenge, kang kasucekake dening Roh Suci.


Lan aku sumurup, yen anggonku tilik kowe iku bakal nggawa lelubering berkahe Sang Kristus.


Ewadene kowe padha dakpituturi, para sadulur, marga saka Asmane Gusti kita Yesus Kristus, kowe kabeh dipadha saiyeg sarta aja nganti ana pasulayan ing antaramu; nanging kowe padha raket-rukuna, tunggal budi sarta tunggal pangrasa.


Mulane para sadulurku kang kinasih, kowe padha dibakuh, ditanpa gingsir, lan tansah di sregep anggonmu nglakoni ayahane Gusti! Awit kowe padha sumurup, yen ana ing patunggilaning Gusti, kangelanmu mesthi ora muspra.


Wasana, para sadulurku, padha bungaha, udinen supaya awakmu sampurna. Tampanana sakehing pituturku. Padha disarujuk, lan padha olaha atut-rukun, temahan Gusti Allah etuking sih katresnan lan tentrem-rahayu bakal nunggil karo kowe!


yaiku wong kang ora pracaya, kang angen-angene wus dipicakake dening allahe jaman iki, temahan wong mau ora padha ndeleng cahyaning Injile kamulyane Sang Kristus, kang dadi citrane Gusti Allah.


Lan marga saka anggonmu mantep ing sajroning leladi iki, wong iku padha ngluhurake Gusti Allah awit saka sumuyuding panganggepmu marang Injile Sang Kristus lan marga saka murahing atimu ing bab anggonmu ngedum samubarang karo wong-wong iku lan karo wong kabeh.


kang satemene dudu Injil; mung ana wong sawatara kang mbingungake kowe lan kang sumedya nginger-inger Injile Sang Kristus.


Ana ing Panjenengane kowe kabeh, – awit kowe wus padha ngrungokake pangandikaning kayekten, yaiku Injiling karahayon – iya ana ing Panjenengane kowe kabeh sawuse pracaya, uga padha kaecap ing Roh Suci kang kaprasetyakake iku.


Mulane, aku iki sawuse krungu warta bab pracayamu marang Gusti Yesus lan bab tresnamu marang sakehe para suci,


Mulane, aku mituturi kowe, aku kang dadi pasakitan marga saka Gusti, uripmu dikaya wong-wong kang wus padha katimbalan cundhuk karo timbalan iku.


Aku ngunjukake panuwun marang Allahku marga saka anggonmu padha tetunggalan ing bab Kabar Injil wiwit ing dina wiwitan nganti saprene.


He para sadulur kang kinasih, kowe iku tansah padha mituhu, mulane padha tansah udinen karahayonmu kalawan wedi lan geter, ora mung kaya nalikane aku isih ana ing tengah-tengahmu, nanging luwih-luwih saiki ing wektu aku adoh karo kowe;


nanging ana ing Gusti aku ngandel, manawa aku dhewe uga bakal enggal teka.


Awit, kaya kang wus kerep banget dakkandhakake marang kowe kabeh, lan kang saiki dakpratelakake maneh kalawan nangis, akeh wong kang uripe dadi satruning salibe Sang Kristus.


Sabab kita iki wargane Kratoning Swarga lan saka kono uga kita nganti-anti Gusti Yesus Kristus kang dadi Juru Slamet,


Awit saka iku sadulur-sadulurku kang daktresnani lan kang dakkangeni, kang dadi kabungahanku lan makuthaku, padha disantosa ana ing Gusti, he sadulur-sadulurku kang kinasih.


temah uripmu ana ing ngarsane bisa kalawan sapatute lan ndadekake keparenge tumrap sadhengah prakara, lan sajrone nindakake sakabehing panggawe becik bisa metokake woh, lan maneh saya mundhak murni kawruhmu ing bab Gusti Allah,


awit aku wus padha krungu bab pracayamu ana ing Gusti Kristus Yesus, mangkono uga bab katresnanmu marang para suci,


Nanging saiki, bareng Timoteus wis bali saka ing panggonanmu kalawan nggawa kabar kang mbungahake bab pracayamu lan katresnanmu, apadene bab anggonmu padha tansah kelingan marang apa-apa kang becik ing ngatase aku lan bab anggonmu kapengin katemu karo aku, kayadene anggonku uga padha kapengin katemu karo kowe,


Wasana, para sadulur, panjaluk lan pangatagku kabeh marang kowe ana ing patunggilane Gusti Yesus: Kowe wus padha krungu saka aku, kapriye kudune lakumu supaya ndadekake keparenging Allah. Bab iku pancen wus padha koktindakake, ewasamono prayogane kowe sayaa luwih tumemen anggonmu padha tumindak mangkono.


kang adhedhasar Injiling Gusti Allah kang luhur lan rahayu dhewe, kaya kang wis kapitayakake marang aku.


Ana wong sawatara kang wus ngemohi swaraning batine kang becik iku, satemah pracayane ilang.


Aku wus mungkasi tetandhingan kang utama, aku wus nyandhak garis wekasan, aku wus ngantepi ing pracaya.


aja slingkuh, nanging tansah nelakna anggone temen lan setya, supaya marga saka mangkono tumrap ing samubarang kabeh, padha ngluhurake piwulange Allah, Pamarta kita.


sabab aku wus krungu bab katresnanmu marang para suci lan bab pracayamu marang Gusti Yesus.


Sarta mungguh wohing kayekten iku kasebarake sajrone tata rukun tumrap wong-wong kang olah tata rukun.


Mulane manawa samubarang kabeh iki bakal lebur kanthi patrap mangkono iku, saiba gedhene kawajibanmu supaya uripmu suci sarta mursid,


Mulane para kekasih, sajrone kowe padha nganti-anti marang iku mau, padha mbudidayaa supaya tinemu tanpa cacad sarta tanpa blentong ana ing ngarsane kalawan tentrem-rahayu.


He para kekasih, sarehne banget anggonku mbudidaya nulis layang marang kowe bab karahayon kita kabeh, mulane aku rumangsa kadereng nulis iki lan mituturi kowe, supaya padha tetepa perang mbelani iman kang wis kapasrahake marang para suci.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan