Yayi, pengantenku, aku teka ing pakebonanku, ngumpulake mur lan anggi-anggiku, dakpangan tala lan maduku, dakombe anggur lan puwanku. Para mitra, mangana lan ngombea, ngombea nganti mendem tresna!
Mangkono uga kowe samengko iya padha nandhang susah, nanging Aku bakal nemoni kowe maneh temahan bakal padha bungah atimu lan ora ana wong siji-sijia kang bisa ngilangake kabungahanmu iku.
kayadene anggonmu wis padha mangreti sawatara saka aku, yaiku yen kowe bakal ngegung-egungake aku, kayadene anggonku iya bakal padha ngegung-egungake kowe besuk, in dinane Gusti Yesus.
Awit aku ora padha mbecikake awakku dhewe maneh marang kowe, nanging aku padha aweh margane kowe bisa ngegung-egungake aku kabeh, supaya kowe bisa ngadhepi para wong kang gumunggung mungguhing lair, ora mungguhing batin.
Sabab manawa aku nglairake pangalembana tumrap kowe marang Titus iku kowe ora gawe gelaku; nanging padha kaya anggonku tansah ngandhakake apa kang bener marang kowe, samono uga pangalembanaku ana ing ngarepe Titus iku iya wus kayektenan temenan.
Karo kowe iku aku blak-blakan banget, lan uga banget anggonku ngegung-egungake kowe. Sajrone aku padha nandhang susah, aku kebak panglipur, lan kaluberan kabungahan.
Awit iya kita iki kang tetakan ing sabenere, kang padha ngabekti dening Rohe Gusti Allah lan nggunggung ana ing Sang Kristus Yesus lan ora ngandel marang prakara-prakara kadagingan
Aku bungah banget ing sajrone Gusti, dene wusanane angen-angen lan pangrasamu tumrap aku tuwuh maneh. Kowe pancen tansah padha migatekake, nanging ora ana kobermu.