FILIPI 1:22 - Kitab Sutji22 Nanging manawa aku kudu urip ana ing donya iku, iku tumraping aku ateges nyambut-gawe metokake woh. Dadi endi kang kudu dakpilih, aku ora bisa ngandhakake. Faic an caibideil |
Nalika bangsa iku sumurup, yen Nabi Musa nganti lawas ora mandhap-mandhap saka ing gunung, banjur padha nglumpuk ana ing ngarsane Rama Harun, ature: “Sumangga, kula panjenengan damelaken allah, ingkang badhe tindak wonten ing ngajeng kula; margi Musa, ingkang sampun ngirid lampah kula medal saking tanah Mesir punika, kula sami boten mangertos kadadosanipun.”
nanging kula gesang, namung kemawon sanes kula piyambak malih ingkang gesang, namung Sang Kristus ingkang gesang wonten ing kula. Wondene gesang kula ingkang kula sandhang ing daging sapunika, punika gesang margi saking pitados dhumateng Putraning Allah ingkang sampun ngasihi kula saha sampun masrahaken sariranipun kangge kula.