18 Nanging ora dadi apa, awit sanadyan ta kapriye bae Sang Kristus kawartakake, apa kanthi sedya kang ala apa kanthi jujur. Tumrap iku aku bungah. Lan aku bakal tetep bungah,
“Bilai kowe, heh, para ahli Toret lan para wong Farisi, heh, wong lamis, awit kowe ngancingi lawange Kratoning Swarga ana ing ngarepe wong, sabab kowe dhewe ora mlebu lan wong kang arep lumebu kokalang-alangi.
Nanging para sakabat ora ngreti marang pangandika iku, amarga tegese isih peteng tumrap dheweke kabeh, mulane ora bisa mudheng. Ewasamono padha ora wani miterang bab pangandika mau.
Kang iku kapriye? Apa kita luwih onjo katimbang karo wong liya? Babar pisan ora! Sabab ing ngarep rak wis kita dakwa, wong Yahudi lan wong Yunani iku padha kawengku ing dosa kabeh,
Kang iku apa kang kudu daktindakake? Aku arep ndedonga nganggo rohku, nanging aku uga ndedonga nganggo akal-budiku; aku arep ngidung lan memuji nganggo rohku, nanging ngidung lan memuji nganggo akal-budiku uga.