Sang Prabu Agripa tumuli ngandika marang Rasul Paulus: “Kowe wis kalilan ngaturake panjawab.” Rasul Paulus banjur kumlawe astane sarta ngaturake panjawab mangkene:
Bareng Rasul Paulus ngaturake bab iku mau kabeh minangka panjawab, Sang Festus banjur ngandika kalawan sora: “Kowe iku owah, Paulus! Kawruhmu kang akeh iku njalari kowe banjur edan.”
Nanging ora dadi apa, awit sanadyan ta kapriye bae Sang Kristus kawartakake, apa kanthi sedya kang ala apa kanthi jujur. Tumrap iku aku bungah. Lan aku bakal tetep bungah,
Pancen wus sapantese manawa aku duwe pangrasa mangkono tumraping kowe kabeh, awit kowe padha klebu ing atiku, amarga kowe kabeh padha oleh panduman ing sajroning sih-rahmat kang diparingake marang aku, iya nalikane aku dikunjara, iya nalikane mbelani sarta nyantosakake Injil.
sepi ing pamrih utawa pangalembana kang tanpa guna. Nanging kosokbaline kalawan andhap asor kang siji nganggepa marang sijine luwih utama tinimbang awake dhewe;
Iya kanggo paseksen iku aku wus katetepake dadi juru pawarta lan rasul, – kandhaku iku bener, aku ora goroh – lan dadi gurune wong kang dudu wong Yahudi, ing sajroning pracaya lan kayekten.
Iya marga saka pangundhanging Injil iku aku banjur nandhang sangsara, malah nganti dibanda kayadene durjana, nanging pangandikaning Allah ora bisa kabanda.
Nalika aku ngunjukake panjawab kang kawitan, ora ana wong siji-sijia kang mbiyantu aku, kabeh padha ninggal aku – iku muga aja ditempuhake marang wong-wong mau –