Aku iya bisa caturan kaya kowe, saupama kowe iku dadi kaya aku; aku bisa ngracik tetembungan kang endah tumrap kowe sarta gedheg-gedheg ngrasakake kowe.
Saupama anggonku nindakake iku mung manut karepku dhewe, pancen aku duwe hak oleh pituwas. Nanging anggonku nindakake mau ora saka karepku dhewe, awit pakabaran iku ayahan kang kabubuhake marang aku.
Awit aku kabeh ora padha karo wong liya kang akeh-akeh, kang padha mburu kabegjan saka pangandikaning Allah. Kosokbaline ana ing Sang Kristus aku padha ngucap ing samesthine kanthi kekarepan-kekarepan kang murni awit saka dhawuhing Allah lan ana ing ngarsane.
Pancen wus sapantese manawa aku duwe pangrasa mangkono tumraping kowe kabeh, awit kowe padha klebu ing atiku, amarga kowe kabeh padha oleh panduman ing sajroning sih-rahmat kang diparingake marang aku, iya nalikane aku dikunjara, iya nalikane mbelani sarta nyantosakake Injil.
Kowe rak wus padha ngreti bab kasetyane kang wus kateter lan manawa dheweke wus kaya anak marang bapakne anggone ngrewangi aku ing bab anggonku ngladeni Injil.
Lan kowe dhewe uga padha sumurup, he wong-wong Filipi, nalikane aku miwiti ngabarake Injil, nalikane aku mangkat saka ing tanah Makedhonia, ora ana pasamuwan siji-sijia kang etung-etungan karo aku bab mlebu-metuning dhuwit, kajaba kowe.
Lan aku uga duwe panjaluk marang kowe, Sunsugos, kancaku kang tumemen: iku padha tulungana. Awit wong iku wus padha tarung bebarengan karo aku ana ing pakabaran Injil, sarta bebarengan karo Klemens lan kanca-kancaku nyambutgawe liyane, kang jenenge padha kapacak ana ing buku kauripan.