Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




FILIPI 1:10 - Kitab Sutji

10 satemah kowe padha bisa milih apa kang becik, supaya kowe padha dadia resik lan ora cacad ngarepake dinane Sang Kristus,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




FILIPI 1:10
43 Iomraidhean Croise  

Punapa sanes tiyangipun piyambak ingkang cariyos dhateng kawula: Punika sadherek kula. Sarta malih ingkang estri piyambak ingkang sanjang: Punika sadherek kula. Anggen kawula nglampahi makaten punika kanthi manah ingkang jujur saha tangan ingkang resik.”


Kuping apa ora nguji tembung-tembung, kayadene cethak anggone ngrasakake pangan?


awit kuping iku ngleler tetembungan, kayadene cethak ngrasakake pangan.


he, sira kang padha sengit marang kabecikan lan dhemen marang piala? Wong iku padha ngeleti bangsaku lan mbeseti daginge saka ing balung-balunge;


Nanging Gusti Yesus banjur mengo sarta ngandika marang Petrus: “Heh, setan, sumingkira. Kowe iku dadi sandhunganKu, sabab kowe ora mikir apa kang kagalih dening Allah, nanging mung sing dipikir dening manungsa.”


Petrus mangsuli, ature: “Sanadyan sadaya sami kecuwan margi saking Paduka, kawula babar pisan boten.”


Wangsulane Filipus: “Ayo, ndelenga!” Bareng Gusti Yesus mirsa Natanael sowan ing ngarsane, banjur ngandika bab dheweke: “Lah, iku wong Israel sajati, kang ora kadunungan cidra.”


Sabab sing sapa nindakake piala mesthi sengit lan nyingkur marang pepadhang supaya aja kongsi katon panggawene kang ala iku.


Awit saking punika kula tansah ngudi gesang kalayan raosing manah ingkang murni wonten ing ngarsaning Allah saha wonten ing ngajenging manungsa.


Lan kowe aja madha rupa kaya jagad iki, nanging padha salina marga saka budimu kaanyarake, satemah kowe bisa niteni apa kang dadi karsane Gusti Allah, apa kang becik, kang ndadekake keparenge Gusti Allah lan kang sampurna.


Tresna iku ditanpa lamis! Padha gethinga ing piala sarta nglakonana panggawe becik.


Nanging padha dakpituturi, para sadulur, padha diwaspada marang para wong kang padha nyulayani ing piwulang kang wus koktampani, kang nuwuhake cecongkrahan lan panggodha. Singkirana wong-wong kaya mangkono iku mau.


sarta sumurup kang dadi karsane, lan marga kawulang ing angger-anggering Toret, bisa sumurup endi kang becik sarta endi kang ala,


Dadi manawa aku nglakoni bab kang ora dakkarepake iku, ateges aku ngakoni yen angger-anggering Toret iku becik.


Sabab sajroning batinku, aku seneng marang angger-anggere Gusti Allah,


Sabab pepenginaning daging iku nyatru marang Gusti Allah, awit ora sumuyud marang angger-anggere Gusti Allah, amarga pancen iya ora bisa.


Panjenengane iya bakal nyantosakake kowe nganti tumeka ing wekasan, temah kowe padha tanpa cacad besuk ing dinane Gusti kita Yesus Kristus.


Kowe aja nganti padha gawe sandhungan, dadia marang wong Yahudi, dadia marang wong Yunani, apadene marang pasamuwane Gusti Allah.


Mulane manawa pangan dadi sesandhungan tumrap sadulurku, ing salawase aku ora arep mangan daging maneh, supaya aja nganti dadi sesandhungan tumrap sadulurku.


Iki kang dakagung-agungake, iya iku paseksene rumangsaning atiku, yen lakuku ana ing jagad iki, apa maneh ing bab gegayutanku karo kowe, iku marga saka dayaning temen lan murni kang saka ing Allah, ora marga saka dayaning kawicaksanan kadonyan, nanging marga saka sih-rahmating Allah.


Awit aku kabeh ora padha karo wong liya kang akeh-akeh, kang padha mburu kabegjan saka pangandikaning Allah. Kosokbaline ana ing Sang Kristus aku padha ngucap ing samesthine kanthi kekarepan-kekarepan kang murni awit saka dhawuhing Allah lan ana ing ngarsane.


Ing prakara apa bae aku ora padha gawe dhadhakan wong padha kesandhung, supaya anggonku padha leladi aja nganti dicacad.


Anggonku mituturi mangkono iku ora ateges prentah, nanging mung marga saka anggonku kapengin neter kaeklasaning sih-katresnanmu kalawan nuduhake sakehing pambudidayane wong-wong kang padha aweh pambiyantu.


Lan maneh, tumrap aku, sadulur-sadulur, manawa aku isih martakake bab tetak, geneya aku isih dikuya-kuya? Sabab yen mangkono, dadi sandhungan kang marga saka salib iku wus kasingkirake.


nanging kalawan tatag ngandhemi kayekten sajroning katresnan, kita mundhak-mundhak ing samubarang ngener Sang Kristus kang jumeneng Sesirah.


lan titi-priksanen apa kang dadi keparenging Gusti.


sarta kalawan mangkono banjur diprenahake ana ing ngarsane wus katon mancorong tanpa cacad lan ora njengkerut sapiturute, nanging wus dadi pasamuwan kang suci lan tanpa cacad.


Sih-rahmat anaa ing wong kabeh, kang padha nresnani Gusti kita Yesus Kristus kanthi katresnan kang ora sirna ing salawas-lawase.


Wong iki padha martakake Sang Kristus marga saka tresna, awit padha ngreti, manawa aku ana ing kene prelu mbelani Injil,


Tumraping iku aku yakin banget, manawa Panjenengane, kang miwiti pakaryan becik ana ing antaramu, iku bakal mbacutake nganti tumeka ing wekasane ing dinane Sang Kristus Yesus.


kanthi ngandhemi sabdaning urip, supaya aku bisa mongkog ing dinane Sang Kristus, dene ora nglaha anggonku mbalap sarta ora nglaha anggonku kangelan.


Muga Panjenengane karsaa nyantosakake atimu, supaya tanpa cacad lan suci ana ing ngarsane Gusti Allah iya Rama kita besuk samangsa Gusti Yesus, iya Gusti kita, rawuh ginarebeg ing sakehe para suci kagungane.


Samubarang kabeh iku titinen, dene kang becik anggonen.


Muga Gusti Allah kang kagungan tentrem-rahayu iku nucekake kowe ing sasampurnane lan muga roh, jiwa lan badanmu rineksa becik kalawan tanpa cacad, besuk rawuhe Gusti Yesus Kristus, Gusti kita.


Kang iku ing samengko kowe padha wedi-asiha marang Pangeran Yehuwah lan ngabektia marang Panjenengane klawan tulus eklas lan setya, sarta padha ngedohna allah sesembahane para leluhurmu ana ing sabrange bengawan Efrat lan ing tanah Mesir, tuwin padha ngabektia marang Pangeran Yehuwah.


Para kekasih, aja padha nggugu marang angger roh, nanging roh-roh iku dadaren, apa asale saka ing Gusti Allah. Amarga akeh wong kang mindha-mindha nabi kang jumedhul lan ndlajahi jagad kabeh.


Ingsun ngudaneni sakehing panggawenira: iya marang rekasanira iya marang kaantepanira. Ingsun ngudaneni, manawa sira ora bisa nyabari para wong duraka, lan manawa sira wus ndadar wong-wong kang ngaku-aku rasul, mangka ing sanyatane dudu, manawa sira wus meruhi manawa iku padha tukang goroh.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan