Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




FILIPI 1:1 - Kitab Sutji

1 Saka Paulus lan Timoteus abdi-abdine Sang Kristus Yesus marang sakehing para suci ana ing sajroning Sang Kristus Yesus kang ana ing kutha Filipi lan para juru pamomong sarta para juru pamulasara.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




FILIPI 1:1
48 Iomraidhean Croise  

Upamane kaya wong lelungan, omahe ditinggal dipasrahake marang para bature, kang siji-sijine padha diwenehi kawajiban dhewe-dhewe sarta juru regol dikon melek.


Sapa kang ngawula marang Aku, padha ngetut-buria Aku lan ing ngendi padununganKu, kawulaKu iya bakal ana ing kono uga. Sing sapa ngawula Aku, dheweke bakal diajeni dening Sang Rama.


Sabab ing kitab Masmur ana kang tinulis mangkene: Pemahanipun dadosa suwung, sampun ngantos wonten ingkang ngenggeni. Sarta: Kalenggahanipun kapendheta dening tiyang sanes.


Mulane padha reksanen awakmu sarta pepanthan kabeh, amarga kowe kang padha dipiji dening Sang Roh Suci dadi pamong kang kakarsakake ngengon pasamuwaning Allah kang kadarbe sarana rahe kang Putra piyambak.


Ananias mangsuli, unjuke: “Gusti, kawula sampun mireng saking tiyang kathah bab tiyang punika, bilih kathah sanget piawon ingkang dipun tindakaken tumrap para suci kagungan Paduka ingkang wonten ing Yerusalem,


Saka Paulus, abdine Sang Kristus Yesus, kang katimbalan dadi rasul, kapiji nggelarake Injile Gusti Allah,


marang sakehe para sadulur kang manggon ing kutha Rum, iya para kekasihe Gusti Allah, kang katimbalan lan kadadekake suci. Sih-rahmat anaa ing kowe kabeh lan tentrem-rahayu saka Gusti Allah Rama kita lan saka Gusti Yesus Kristus.


Dene samangsa Timoteus teka, padha ngaraha supaya anggone ana ing satengahmu iku aja nganggo sumelang, sabab dheweke nglakoni ayahane Gusti padha kaya aku.


Saka Paulus, kang awit saka karsaning Allah dadi rasule Sang Kristus Yesus, lan saka Timoteus sadulur kita, marang pasamuwaning Allah ing Korinta karo sakabehing wong suci ing sawrataning tanah Akhaya.


Dadi kapriye saikine: kang dakgoleki iku karepe manungsa apa karsane Gusti Allah? Apa aku ngudi gawe senenge manungsa? Saupama aku isih kapengin gawe senenge manungsa, dadi aku dudu abdine Sang Kristus.


Sabab marga saka pracaya marang Gusti Yesus Kristus kowe padha dadi putrane Gusti Allah.


Ing bab iki ora ana wong Yahudi utawa wong Yunani, ora ana batur tukon utawa wong mardika, ora ana lanang utawa wadon, awit kowe kabeh padha dadi siji ana ing Sang Kristus Yesus.


Saka Paulus, rasule Sang Kristus Yesus awit saka karsane Gusti Allah, marang para suci ing kutha Efesus, iya para wong kang padha pracaya ana ing Sang Kristus Yesus.


Mulane, aku iki sawuse krungu warta bab pracayamu marang Gusti Yesus lan bab tresnamu marang sakehe para suci,


Sih-rahmat anaa ing wong kabeh, kang padha nresnani Gusti kita Yesus Kristus kanthi katresnan kang ora sirna ing salawas-lawase.


Nanging ana ing sajroning Gusti Yesus aku kapengin endang bisaa kongkonan Timoteus nemoni kowe, supaya ayem atiku manawa wis krungu bab kaananmu.


Ing sajrone anggonmu padha urip bebarengan padha kadunungana pangangen-angen lan pangrasa kang uga tinemu ana ing Sang Kristus Yesus,


Ora kok kaya-kaya aku wus kadunungan bab iki utawa wus sampurna, nanging iku dakburu, bokmanawa bisa kecandhak, awit aku iya wus dicandhak dening Sang Kristus Yesus.


Awit iya kita iki kang tetakan ing sabenere, kang padha ngabekti dening Rohe Gusti Allah lan nggunggung ana ing Sang Kristus Yesus lan ora ngandel marang prakara-prakara kadagingan


Malah samubarang kabeh dakanggep kapitunan, marga wanuh marang Sang Kristus Yesus, Gustiku, iku mulyane ngungkuli kabeh-kabeh mau. Iya marga saka Panjenengane iku aku wus mbuwang samubarang kabeh iku lan dakanggep larahan, supaya aku oleh Sang Kristus


Saka Paulus, Silwanus lan Timoteus marang pasamuwane wong-wong ing Tesalonika, kang ana ing Allah Sang Rama lan ana ing Gusti Yesus Kristus. Sih-rahmat lan tentrem-rahayu anaa ing kowe kabeh.


Ananging sanadyan ing maune, kaya kang wus padha koksumurupi, aku padha dikaniaya lan disiya-siya ana ing kutha Filipi, ewadene marga saka pitulunganing Allah kita, aku kabeh padha oleh kakendelan anggonku padha ngabarake Injiling Allah marang kowe kabeh ana ing sajroning pakewuh kang abot.


Saka Paulus, Silwanus lan Timoteus, marang pasamuwane wong-wong ing Tesalonika ana ing Allah Rama kita lan ana ing Gusti Yesus Kristus.


besuk samangsa Panjenengane rawuh ing dina iku, supaya kaluhurake ana ing antarane para suci kagungane, sarta supaya kabeh wong kang pracaya padha kagawokan, awit paseksen kang wus padha daklairake marang kowe kabeh, iku wus koktampani kalawan pracaya.


marang Timoteus, anakku kang sayekti ing sajroning pracaya: sih-palimirma, rahmat lan tentrem-rahayu saka Gusti Allah Sang Rama lan Gusti Kristus Yesus, Gusti kita anaa ing kowe.


Mangkono uga para juru pamulasara iya kudu wong kang kajen, kang ora ilat rangkep, ora karem anggur, ora srakah,


Saka Paulus, abdining Allah lan rasule Gusti Yesus Kristus, manut pracayaning para pepilihane Gusti Allah sarta pangawruhing kayekten, kang laras karo pangibadah kita,


Amarga kang jeneng pamong iku kudu tanpa cacad, awit dadi juru panatane padalemaning Allah, kudu ora kumawasa, ora gampang nepsu, ora karem ngombe anggur, ora dhemen kerengan, ora srakah,


Saka Paulus, wong ukuman marga saka Gusti Kristus Yesus, lan saka sadulur kita Timoteus, marang Filemon kang kinasih, rewangku nyambut-gawe,


Wruhanamu, manawa sadulur Timoteus, iya sadulur kita, wus mangkat. Samasa iku wus teka, aku arep enggal niliki kowe kabeh bareng dheweke.


Salam saka Yakobus, abdine Gusti Allah sarta Gusti Yesus Kristus, marang taler rolas kang padha ana ing tanah manca.


Awitdene dhek biyen kowe padha kesasar kaya wedhus, nanging saiki wis padha bali marang pangon sarta pamomonging nyawamu.


Saka Simon Petrus, abdi sarta rasule Gusti Yesus Kristus, marang kang padha kaparingan pracaya nunggal karo aku kabeh, marga dening kaadilaning Gusti Allah sarta Pamarta kita Gusti Yesus Kristus.


Saka Yudas, abdine Gusti Yesus Kristus sarta sadulure Yakobus, marang para kang katimbalan, kang kinasih ana ing Allah Sang Rama sarta kang padha sinengker kagem Gusti Yesus Kristus.


Iki wahyune Gusti Yesus Kristus, kang kaparingake dening Gusti Allah marang Panjenengane, supaya katedahake marang para abdine bab apa kang pinasthi bakal enggal kalakon. Sarta Panjenengane wus medharake bab iku marang Yokanan abdine, lumantar malaekat utusane.


Mungguh wadine lintang pitu kang sira deleng ana ing astaningSun tengen lan padamaran mas pitu iku mangkene: Lintang pitu iku malaekate pasamuwan pitu lan padamaran mas pitu iku pasamuwan pepitu.”


Aku banjur nyungkemi sampeyane kang ngandika mau arep sujud, nanging tumuli dipangandikani: “Aja mangkono! Aku iki padha kaya kowe lan para sadulurmu, kang nduweni paseksene Gusti Yesus. Sujuda marang Gusti Allah! Awit mungguh paseksene Gusti Yesus iku rohing pamedhar wangsit.”


“Lan nulisa marang malaekate pasamuwan ing Pergamus: Iki pangandikane kang ngasta pedhang landhep kiwatengen:


“Lan nulisa marang malaekate pasamuwan ing Smirna: Iki pangandikane Sang Awal lan Sang Akhir, kang wus seda lan gesang maneh:


Nanging dhawuhe marang aku: “Aja mangkono! Awit aku iki dadi kancamu abdi, padha kaya kowe lan sadulur-sadulurmu, para abdi, lan para kang netepi pangandikane kitab ini. Sujuda marang Gusti Allah!”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan