Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




FILEMON 1:9 - Kitab Sutji

9 ewasamono ngelingi tumindaking katresnanmu iku, luwih prayoga yen aku nglairake panjaluk marang kowe mangkene: Aku Paulus kang wus ngancik tuwa, luwih-luwih saiki kinunjara marga saka Gusti Kristus Yesus,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




FILEMON 1:9
17 Iomraidhean Croise  

dhuh Allah, ngantosa kawula sepuh sarta uwanen, kawula mugi sampun ngantos Paduka tilar, supados kawula saged nyriyosaken pangwaos Paduka dhumateng para turun samangke, sarta kasantosan Paduka dhateng sakathahipun tiyang ingkang badhe dhateng.


Samangsa kawula sampun sepuh, mugi sampun ngantos Paduka tampik, sampun ngantos nilar kawula manawi kakiyatan kawula sampun telas.


Rambut uwanen iku makutha kang endah, kang tinemu ana ing dalaning kabeneran.


Nganti sira tuwa Ingsun iki tetep Panjenengane lan nganti rambutira putih anggoningSun nggendhong sira kabeh. Ingsun wus tumindak mangkono tuwin karsa terus nanggung sira kabeh; Ingsun karsa ngrembat lan nylametake sira.


Kang iku para sadulur, marga saka sih-kamirahane Gusti Allah, aku pitutur marang kowe, padha nyaosna badanmu minangka kurban kang urip lan suci, sarta kang dadi keparenge Gusti Allah: yaiku pangibadahmu kang sajati.


Mulane aku iki iya padha dadi utusane Sang Kristus kaya-kaya Gusti Allah paring pitutur marang kowe kabeh lumantar aku; atas Asmane Sang Kristus panjalukku marang kowe: padha gelema karukunake karo Gusti Allah.


Anadene aku iki ing sarehne padha dadi kanca tunggal ayahan, pituturku marang kowe kabeh, supaya aja nganti padha gawe muspraning sih-rahmate Gusti Allah, kang wus koktampani.


Sabab marga saka pracaya marang Gusti Yesus Kristus kowe padha dadi putrane Gusti Allah.


Yaiku sababe aku iki, Paulus, wong kang dikunjara marga saka Sang Kristus Yesus kanggo kowe wong-wong kang ora wanuh marang Gusti Allah,


Mulane, aku mituturi kowe, aku kang dadi pasakitan marga saka Gusti, uripmu dikaya wong-wong kang wus padha katimbalan cundhuk karo timbalan iku.


kang dakladeni minangka utusan kang dirante. Padha ndedongaa, supaya aku bisa nglairake bab iku kalawan kendel, awit pancen kudu mangkono.


Aku saos sokur marang Panjenengane, kang nyantosakake aku, yaiku Gusti Kristus Yesus, Gusti kita, amarga Panjenengane karsa nganggep aku tumemen, sarta banjur kaparingan bubuhan leladi iki,


Para wong lanang kang wus tuwa iku padha diwaras ing budi, kajen, wicaksana sarta kadunungan pracaya, katresnan lan budi tumemen kang waras.


Luwih maneh pituturku marang kowe, supaya kowe padha nindakake mangkono iku supaya aku enggal-enggala kabalekake marang kowe.


He, para kekasih, kowe kang kaya wong mondhok lan wong neneka, padha dakpituturi supaya padha ngedohana kapencuting daging kang padha perang nglawan nyawamu.


Saupama bapakne utawa sadulure prawan mau padha njaluk adil marang aku, tumuli bakal padha dakkandhani: Bok iku padha wenehna marang aku kalawan lega-lila ta, amarga ing sajroning perang kita ora bisa nyekel wong wadon minangka jodhone, rak dudu kowe kang ngwenehake prawan-prawan iku marang wong-wong iku; sabab manawa mangkono, kowe padha kaluputan.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan