Malah yen aku rada keladuk anggonku ngegungake wewenang kang diparingake dening Gusti marang aku kabeh kanggo mbangun, ora kanggo ngrusak kowe, aku ora bakal wirang.
Aku kudu ngakoni kalawan isin banget, yen ing bab kang kaya mangkono iku aku kabeh padha apes. Sanadyan mangkono manawa ana wong kang wani ngegung-egungake sawijining prakara – calathuku iki ing sajroning kabodhoanku – aku iya wani uga!
Ananging sanadyan ing maune, kaya kang wus padha koksumurupi, aku padha dikaniaya lan disiya-siya ana ing kutha Filipi, ewadene marga saka pitulunganing Allah kita, aku kabeh padha oleh kakendelan anggonku padha ngabarake Injiling Allah marang kowe kabeh ana ing sajroning pakewuh kang abot.
sarta ora padha ngarah pangalem saka ing manungsa dadia saka kowe utawa saka wong-wong liya, sanadyan aku padha bisa tumindak mangkono, jalaran aku iki padha rasule Sang Kristus.