Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




FILEMON 1:6 - Kitab Sutji

6 Lan aku ndongakake, supaya anggonmu padha tunggal pracaya iku sabiyantu nuju marang kawruh kang utama ana ing antara kita kagem Sang Kristus.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




FILEMON 1:6
18 Iomraidhean Croise  

Kang tampa limang talenta banjur lunga, dhuwite dilakokake, temah oleh bathi limang talenta.


Samono uga padhangmu iya sorotna marang wong, supaya iku padha sumurup marang tindak-tandukmu kang becik, temah padha ngluhurake Ramamu kang ana ing swarga.”


sakehe wewadi kang sumimpen ana ing batine bakal kelair, satemah bakal sumungkem sujud marang Gusti Allah sarta ngakoni: “Sanyata Gusti Allah ana ing tengah-tengahmu.”


Marga ana ing kono, aku kawenganan lawang amba lan santosa, kanggo nindakake ayahan kang agung lan wigati, sanadyan akeh wong kang padha nglawan.


Wasana, sadulur-sadulur, sabarang kang nyata, sabarang kang luhur, sabarang kang adil, sabarang kang suci, sabarang kang sinebut kautaman lan pantes dialem, iku kabeh padha pikiren.


Marga saka iku, wiwit aku oleh pawarta mau, ora pegat anggonku ndongakake kowe. Kang daksuwun supaya kowe kaparingana sakabehing kawicaksanan lan kawruh kasukman kanggo nyumurupi bab karsane Pangeran kang kalawan sampurna,


lan wus ngrasuk kamanungsan anyar kang tansah binangun, supaya oleh kawruh sanyata kang miturut citrane Kang Nitahake;


Sarta wong-wong kita cikben iya padha nggegulang nglakoni panggawe becik, supaya bisa nyukupi kabutuhaning urip kang baku, amrih uripe aja nganti tanpa guna.


Amarga Gusti Allah ora kurang adil, nganti Panjenengane banjur kesupen marang ing panggawemu lan katresnanmu kang koklairake kagem asmane srana anggonmu padha ngladeni para suci, kang isih koklakoni nganti saprene iki.


He para sadulurku, paedahe apa, manawa ana wong ngaku nduweni pracaya, mangka ora ana panggawene?


Mangkono uga tumrap pracaya: Manawa pracaya iku ora dikantheni panggawe, iku sajatine mati.


Dibecik uripmu ana ing satengahe bangsa-bangsa kang dudu bangsa Yahudi supaya manawa padha mitenah marang kowe, kowe diarani durjana, padha nyumurupi panggawemu kang utama sarta ngluhurake Gusti Allah ing dina rawuhe nuweni wong-wong mau.


Mangkono uga kowe para wong wadon, padha sumuyuda marang bojomu, supaya manawa ana wong lanang kang padha ora mituhu ing pangandika, padha kagendenga dening tingkah-lakune kang wadon tanpa tetembungan,


sarta kalawan rumangsaning ati kang resik, supaya wong kang padha mitenah marang kowe, marga uripmu mursid ana ing Gusti Kristus, iku padha kewirangan dene padha tumindak mangkono.


Jalaran manawa kowe padha kadunungan iku mau kabeh nganti luber, kowe mesthi bakal dadi mempeng ing panggawe sarta banjur metu wohe anggonmu wanuh marang Gusti Yesus Kristus, Gusti kita iku.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan