Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




FILEMON 1:24 - Kitab Sutji

24 lan saka Markus, Aristarkhus, Dhemas lan Lukas padha kancaku ing gawe.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




FILEMON 1:24
15 Iomraidhean Croise  

Sawise nggalih-nggalih sadhela, banjur tindak menyang ing omahe Maryam, ibune Yokanan kang uga karan Markus. Ing kono akeh wong kang padha nglumpuk ndedonga.


Barnabas lan Saulus, sawise ngrampungake kawajibane, banjur bali saka ing Yerusalem, Yokanan kang uga peparab Markus diajak.


Rasul Paulus sakanthine banjur tindak saka ing Pafos lan layar menyang ing kutha Perga ing tanah Pamfilia. Nanging Yokanan tumuli pamitan lan bali menyang ing Yerusalem.


Kaanan ing sakutha kabeh banjur dadi kisruh, wong-wong kabeh padha gumrudug menyang ing gedhong-tontonan lan ngglandhang Gayus sarta Aristarkhus, iku padha wong Makedhonia, kang padha lelungan bebarengan karo Rasul Paulus.


Aku padha nunggang kapal saka ing palabuhan Adramitium kang bakal layar menyang ing palabuhan-palabuhan ing sauruting pesisire tanah Asia, tumuli padha mangkat. Aristarkhus, wong Makedhonia saka ing kutha Tesalonika, mbarengi lakuku.


Dene Titus, iku kancaku lan rewangku nyambut-gawe kanggo kowe; lan sadulur-sadulurku liyane iku padha dadi utusaning pasamuwan-pasamuwan lan minangka kaluhurane Sang Kristus.


Mung bae dakkira prelu aku kongkonan Epafrodhitus marang kowe, yaiku sadulurku lan kanca nyambut-gawe sarta kancaku perang, kang kokkongkon nulungi aku ing bab kabutuhanku.


Lan aku uga duwe panjaluk marang kowe, Sunsugos, kancaku kang tumemen: iku padha tulungana. Awit wong iku wus padha tarung bebarengan karo aku ana ing pakabaran Injil, sarta bebarengan karo Klemens lan kanca-kancaku nyambutgawe liyane, kang jenenge padha kapacak ana ing buku kauripan.


Salam marang kowe saka Aristarkhus, kancaku kinunjara, lan saka Markus kaponakane Barnabas – tumrap dheweke kowe rak wus tampa welingan – iku yen nekani kowe tampanana.


Salam marang kowe saka Lukas, dokter kang kinasih lan saka Dhemas.


Salam marang kowe kabeh, saka sadulurmu ing Babilon kang pilihan lan Markus anakku.


Kang iku kita iki padha kawajiban nampani wong-wong kang kaya mangkono iku, supaya kita padha dadia rewang ing gawe kang lumadi marang ing kayekten.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan