Lan yaiku karepe layangku iki, yaiku supaya manawa aku teka, aja nganti aku sedhih marga saka wong-wong, kang kudune padha gawe bungahku. Sabab aku yakin ing bab kowe kabeh, manawa kabungahanku iku iya kabungahanmu uga.
Karodene wong loro mau padha dakkantheni sadulur kita, kang wus dakteter lan kacihna anggone tansah mbudidaya mbiyantu, lan saiki saya banget anggone mbudidaya marga saka gedhening piandele marang kowe.
Ana ing Gusti aku yakin mungguh ing kowe, manawa kowe ora nduweni pikiran liya kajaba pikiran iki. Nanging sapa kang ngisruhake kowe, iku bakal nyangga paukumane, sanadyan sapa bae wong iku.