19 aku Paulus kang nanggung kanthi daktulis dhewe, iya aku kang bakal nglironi, prelune aja nganti aku muni: “Kabeh iku dadi tanggunganmu,” awit kowe padha duwe utang marang aku, yaiku awakmu dhewe.
Kula ingkang nanggel pun adhi, rama mundhuta saking kula, manawi ngantos boten kula aturaken dhateng rama, saha kula papanaken wonten ngarsanipun rama; kula ingkang nandhang dosa dhateng rama ing salaminipun.
Marga sanadyan kowe padha duwea pamomong maewu-ewu ana ing Sang Kristus, nanging ora duwe bapa akeh. Marga iya aku kang dadi bapakmu ana ing Sang Kristus Yesus sarana Injil kang dakwartakake marang kowe.
Aku Paulus, wong kang ora wani apa-apa yen adu-arep karo kowe, nanging wani marang kowe yen adoh, aku ngelingake kowe demi Sang Kristus kang alus panggalihe lan rumaket.
supaya, manawa wong-wong Makedhonia teka bareng karo aku, aja nganti nyumurupi anggonmu durung cecawis, satemah aku kabeh – supaya ora ngarani kowe kabeh – rumangsa padha kawirangan ing bab kayakinanku iku.
marang Timoteus, anakku kang sayekti ing sajroning pracaya: sih-palimirma, rahmat lan tentrem-rahayu saka Gusti Allah Sang Rama lan Gusti Kristus Yesus, Gusti kita anaa ing kowe.
marang Titus, anakku kang satuhu awit saka tunggal pracaya: sih-rahmat lan tentrem-rahayu saka Gusti Allah Sang Rama lan Gusti Kristus Yesus, Pamarta kita, anaa ing kowe.