Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




FILEMON 1:17 - Kitab Sutji

17 Yen aku kokanggep kanca tunggal pracaya, dheweke iya tampanana kaya anggonmu nampani aku.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




FILEMON 1:17
17 Iomraidhean Croise  

Sing sapa nampani kowe, iku dadi Aku sing ditampani. Lan sing sapa nampani Aku, iku dadi nampani kang ngutus Aku.


Karodene sing sapa nampani bocah pepadhane iki atas saka jenengKu, iku Aku kang ditampani.


Sang Nata bakal paring wangsulan: Satemene pituturingSun marang sira: Samubarang kabeh kang sira tindakake kanggo salah sawijining saduluringSun kang asor dhewe iki, iku iya sira tindakake kagem Ingsun.


Sawise kabaptis sabrayat pisan, banjur darbe atur mangkene: “Manawi panjenengan sampun sami manggalih, bilih kula saestu pitados dhateng Gusti, sumangga sami kula aturi rawuh saha nyare ing griya kula.” Mangka banget panggubele, nganti aku kabeh kapeksa nuruti.


Dene Titus, iku kancaku lan rewangku nyambut-gawe kanggo kowe; lan sadulur-sadulurku liyane iku padha dadi utusaning pasamuwan-pasamuwan lan minangka kaluhurane Sang Kristus.


yaiku manawa wong-wong dudu Yahudi marga saka Pawarta Injil, melu dadi ahli waris lan gegelitaning sarira sarta melu duwe panduman ana ing prasetyan kang kaparingake ana ing patunggilane Sang Kristus Yesus.


Pancen wus sapantese manawa aku duwe pangrasa mangkono tumraping kowe kabeh, awit kowe padha klebu ing atiku, amarga kowe kabeh padha oleh panduman ing sajroning sih-rahmat kang diparingake marang aku, iya nalikane aku dikunjara, iya nalikane mbelani sarta nyantosakake Injil.


duwe panjaluk marang kowe, bab anakku kang daktemu sajrone aku kinunjara, yaiku Onesimus,


Dheweke dakpurih bali melu kowe, sanadyan iku woding atiku.


Dene yen kirane dheweke wus gawe pitunamu, utawa dheweke utang marang kowe, jibahna kabeh marang aku,


Mulane, heh para sadulur kang suci, kang padha oleh panduman timbalan kaswargan, padha mawasa marang Sang Rasul sarta Imam Agung kang kita akoni, iya iku Gusti Yesus,


Jalaran kita wus oleh panduman ana ing Sang Kristus, angger kia padha ngukuhi ing kayakinaning pracaya kita kang wiwitan, nganti tumeka ing wekasan.


Rungokna ta, sadulur-sadulurku kang daktresnani, Gusti Allah apa ora wus milih wong miskin ing donya iki, supaya padha dadia sugih ing sajroning pracaya sarta padha dadi ahli-warise Kraton, kang wis diprasetyakake marang kang padha nresnani Panjenengane?


Para pinituwa kang ana ing antaramu iku dakpituturi, – amarga aku iki dadi kanca pinituwa sarta seksine sangsarane Sang Kristus, kang iya bakal oleh panduman kamulyan kang besuk bakal kawedharake –:


Kang wus padha dakdeleng lan dakrungu iku mau iya dakwartakake marang kowe, supaya kowe uga bisaa tetunggalan karo aku kabeh. Lan anggonku padha tetunggalan iku karo Sang Rama lan karo Sang Putra, Gusti Yesus Kristus.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan