Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




FILEMON 1:10 - Kitab Sutji

10 duwe panjaluk marang kowe, bab anakku kang daktemu sajrone aku kinunjara, yaiku Onesimus,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




FILEMON 1:10
14 Iomraidhean Croise  

Lan Sang Prabu paring dhawuh marang Sang Yoab, Abisai lan Itai, pangandikane: “Pangrengkuhira marang Absalom, wong anom iku, sing alus, marga saka ingsun.” Lan wadyabala padha krungu kabeh, nalika Sang Prabu paring dhawuh marang para tetindhihing bala tumrap Pangeran Absalom iku.


Wong akeh mau banjur ana siji kang matur: “Guru, anak kula kula sowanaken dhateng Panjenengan, jalaran kapanjingan dhemit ingkang damel bisunipun.


Kang iku para sadulur, marga saka sih-kamirahane Gusti Allah, aku pitutur marang kowe, padha nyaosna badanmu minangka kurban kang urip lan suci, sarta kang dadi keparenge Gusti Allah: yaiku pangibadahmu kang sajati.


Bab iki daktulis ora nedya gawe isinmu, nanging kanggo ngelingake kowe kabeh kang dadi anak-anakku kang daktresnani.


Marga sanadyan kowe padha duwea pamomong maewu-ewu ana ing Sang Kristus, nanging ora duwe bapa akeh. Marga iya aku kang dadi bapakmu ana ing Sang Kristus Yesus sarana Injil kang dakwartakake marang kowe.


He anak-anakku, iya marga saka kowe aku ngrasakake lara kaya nglarani maneh, nganti Sang Kristus maujud cetha ana ing kowe.


Lakune dakkantheni Onesimus, sadulur kita kang setya lan kinasih, wong saka ing antaramu, iku bakal padha martakake marang kowe samubarang kabeh kang kalakon ana ing kene.


marang Timoteus, anakku kang sayekti ing sajroning pracaya: sih-palimirma, rahmat lan tentrem-rahayu saka Gusti Allah Sang Rama lan Gusti Kristus Yesus, Gusti kita anaa ing kowe.


marang Titus, anakku kang satuhu awit saka tunggal pracaya: sih-rahmat lan tentrem-rahayu saka Gusti Allah Sang Rama lan Gusti Kristus Yesus, Pamarta kita, anaa ing kowe.


kang ing maune ora migunani marang kowe, nanging saiki maedahi banget, iya marang kowe iya marang aku.


Satemene maune arep dakendheg ana ing pakunjaran, minangka sesulihmu ngladeni aku sajrone kinunjara marga saka Injil,


Tumrape aku ora ana kabungahan kang gedhene ngluwihi anggonku krungu, manawa anak-anakku padha urip ana ing kayekten.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan