Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




ESTER 9:5 - Kitab Sutji

5 Wong Yahudi padha ngasorake sakehing satrune: padha ditempuh kalawan pedhang, padha dipateni sarta ditumpes, mungsuhe padha digawe ing sakarep-karepe.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




ESTER 9:5
11 Iomraidhean Croise  

Turunipun wau lajeng sami lumebet ing tanah punika sarta dipun ejegi lan tiyang ingkang ngenggeni, inggih punika tiyang-tiyang Kanaan sami Paduka telukaken wonten ing ngajenganipun, sami kaparingaken dhateng ing tanganipun, dalasan para rajanipun tuwin sakathahipun bangsa ing tanah ngriku, supados kadamela ing sapikajengipun.


Layange padha kakirimake lumantar pelayangan kilat kasebar marang sakehing wewengkoning karajan, iku padha kadhawuhan numpes lan mateni sarta nyirnakake sakehing wong Yahudi wiwit kang anom tekan kang tuwa, dalah bocah-bocah lan wong wadon, karampungna ing sajroning sadina: iya iku ing tanggal kaping telulas sasi kang kaping rolas – iya iku sasi Adar – lan supaya bandha kasugihane karayaha.


Dene surasane: Wong Yahudi ing siji-sijining kutha padha kaparingan palilah dening Sang Nata nglumpuk ngreksa uripe, numpes mateni sarta nyirnakake sakehing wadya-bala, dalah bocah-bocah lan wong wadon, saka bangsa lan dhaerah kang arep nempuh, apadene diparengake ngrayah barang darbeke,


Ana ing beteng kadhaton Susan bae wong Yahudi mateni lan numpes wong limang atus.


mripat kawula nyawang satru kawula, kuping kawula mireng bab para tiyang awon ingkang sami gumregah nglawan kawula.


Mila anak-anakipun mugi sami Paduka pasrahaken dhateng paceklik, saha para tiyang punika mugi Paduka ulungaken dhateng ing landheping pedhang! Ingkang estri kajengipun sami kecalan anak saha semah! Ingkang jaler kajengipun sami pejah dening pageblug sarta para nem-nemanipun sami pejah dening pedhang wonten ing paprangan.


Jalaran pancen wus sabenere mungguh ing Gusti Allah malesake panganiaya marang wong-wong kang padha nganiaya kowe


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan