Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




ESTER 9:4 - Kitab Sutji

4 Ujer Sang Mordekhai iku gedhe pangwasane ana ing kadhaton, sarta misuwur warata ana ing sakehing dhaerah, amarga Sang Mordekhai sangsaya mundhak pangwasane.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




ESTER 9:4
14 Iomraidhean Croise  

Peperangane antarane kulawargane Prabu Saul lan kulawargane Prabu Dawud kelantur-lantur; Prabu Dawud sangsaya suwe sangsaya santosa, balik kulawargane Prabu Saul sangsaya ringkih.


Saya suwe pangwaose Sang Prabu Dawud saya gedhe, amarga Pangeran Yehuwah, Gustine sarwa tumitah nganthi marang panjenengane.


Asmane Sang Prabu Dawud banjur misuwur ana ing sakehing nagara, sarta Pangeran Yehuwah ndhatengake rasa giris marang panjenengane ana ing atine sakehe bangsa.


Mungguh sakehing lelabetane kang linuwih lan kaprawirane, apadene andharaning caritane bab kaluhuran kang diparingake dening Sang Nata marang Sang Mordekhai, kabeh iku rak wis katulisan ana ing buku sejarahe para ratu ing Media lan Persia?


Wong iku kaya wit kang tinandur ana ing sapinggiring kali, kang metokake woh ing kalamangsane, lan ora alum godhonge, apa bae kang ditandangi mesthi lestari.


Sami kawula ejur-ejur ngantos lembat kados lebu ingkang kabur ing angin, kawula bucal kados blethok ing margi.


Wong mursid bakal ngrembaka kaya wit kurma, sarta thukul subur kaya wit eres ing Libanon;


Pangeran Yehuwah tumuli ndadekake wong Mesir padha atindak loma marang bangsa iku, lan maneh Nabi Musa iku kajen banget ana ing tanah Mesir, ana ngarepe para abdine Sang Prabu Pringon lan para kawulane.


Nanging dalane wong mursid iku kaya pepadhang ing wayah esuk, kang mundhak-mundhak padhange nganti tumeka ing wayah tengange.


Pangeran wus paring pangandika marang Rama Yakub, lan pangandikane iku tumempuh marang Israel.


Lan ing wektu iku Ingsun bakal matrapi wong kabeh kang wus nindhes marang sira; nanging mitulungi kang padha pincang, sarta ngumpulake kang padha pating slebar, lan sapira kang kawirangan bakal Sundadekake ingalembana lan misuwur ana ing salumahe bumi.


Pawarta bab Panjenengane iku banjur sumebar ing tanah Siria kabeh; sakehe wong, kang nandhang lelara banjur padha disowanake menyang ing ngarsane, kang rupa-rupa lelarane lan sangsarane, wong kasurupan, wong ayan lan wong lumpuh, tumuli padha diwarasake.


Anadene Sang Yehuwah nunggil karo Senapati Yusak, sarta pawartane banjur kawentar ana ing sawratane negara kono.


Mulane – makaten pangandikanipun Sang Yehuwah, Gusti Allahipun Israel – lah Ingsun wus paring prajanji: Kulawarganira lan golonganira bakal urip ana ing ngarsaningSun ing salawase, nanging saiki – makaten pangandikanipun Sang Yehuwah –: prakara iku adoh banget saka Ingsun! Amarga sapa kang ngajeni Ingsun, bakal Sunajeni, nanging sing sapa ngremehake Ingsun bakal inganggep asor.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan