Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




ESTER 9:2 - Kitab Sutji

2 Wong Yahudi banjur padha nglumpuk ana ing kutha-kuthane ing saindenging wewengkone Sang Prabu Ahasyweros, sumedya nempuh marang para wong kang padha ngarah bilaine lan ora ana siji-sijia kang kuwawa nanggulangi tandange wong Yahudi, amarga sakehe bangsa mau padha kadunungan rasa wedi marang wong Yahudi.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




ESTER 9:2
12 Iomraidhean Croise  

Sawuse mangkono banjur padha budhalan. Kutha-kutha kang ana ing sakubenge padha ketaman ing pagiris saka Gusti Allah, temahan padha ora ngoyak marang para anake Yakub.


Dene surasane: Wong Yahudi ing siji-sijining kutha padha kaparingan palilah dening Sang Nata nglumpuk ngreksa uripe, numpes mateni sarta nyirnakake sakehing wadya-bala, dalah bocah-bocah lan wong wadon, saka bangsa lan dhaerah kang arep nempuh, apadene diparengake ngrayah barang darbeke,


Mangkono uga ing sawiji-wijining kutha lan dhaerah, ngendi bae kang katekan dhawuh undhang-undhanging Sang Prabu mau, wonge Yahudi padha bungah-bungah lan sukarena, padha nganakake pista lan riyaya; apadene panunggalane bangsa ing nagara kono akeh kang padha manjing Yahudi, amarga padha wedi marang wong Yahudi.


para putra-putrane kakung Sang Haman bin Hamedata, satrune wong Yahudi kang cacahe sepuluh iku padha dipateni, nanging ora ngrayah barang darbeke.


Tiyang ingkang sami nyatru nyawa kawula mugi samia kawirangan lan sami tumpesa; ingkang ngangkah cilaka kawula mugi karobana ing kanisthan lan kawirangan!


Ilat kawula ugi badhe martosaken kaadilan Paduka ing sadinten-dinten, amargi tiyang ingkang ngangkah bilai kawula, sami badhe kawirangan lan klicutan.


Rasa giris marang Ingsun bakal Sunkirimake ndhingini sira, Ingsun bakal ndadekake kisruhe sakehe wong kang sira parani, lan sakehe mungsuhira bakal Sundamel lumayu ninggal sira.


Iku sumurupana, he para bangsa lan padha girisa, padha nggatekna, he sakehe wilayahing bumi kang adoh-adoh, padha sabukana, lan padha girisa! padha sakana lan padha girisa!


Nanging Prabu Sihon, ratu ing Hesybon, iku ora nglilani kita padha ngliwati tanahe, marga diwangkotake budine lan dipuguhake panggalihe dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, awit karsane arep ngulungake nagara iku marang tanganmu, kaya kang kelakon ing saiki iki.


Jalaran saka pangrehe Sang Yehuwah, atine wong mau pada diwangkotake, temah padha perang nglawan wong Israel, amrih pada katumpes, ora diwelasi, nanging pada disirnakake, kaya kang dadi dhawuhe Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa.


sarta kandha: “Kula sumerep, bilih Sang Yehuwah sampun maringaken tanah punika dhateng panjenengan, sarta kula sami kataman giris margi saking panjenengan, punapa dene sakathahing tiyang pribumi ing ngriki sami gumeter wonten ing ngarsa panjenengan,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan