Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




ESTER 9:16 - Kitab Sutji

16 Sakehe wong Yahudi liyane kang ana ing dhaerah wewengkone Sang Prabu, iku padha nglumpuk ngreksa uripe lan padha slamet ora karidhu ing mungsuhe; para lawanane kang padha dipateni ana pitung puluh lima ewu, nanging ora nganggo ngrayah barang darbeke.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




ESTER 9:16
6 Iomraidhean Croise  

Sawuse mangkono para anake Yakub padha ngrayahi barang-barange kang padha dipateni mau, njarah-rayah kutha kono, awit sadulure dirusuhi.


Dene surasane: Wong Yahudi ing siji-sijining kutha padha kaparingan palilah dening Sang Nata nglumpuk ngreksa uripe, numpes mateni sarta nyirnakake sakehing wadya-bala, dalah bocah-bocah lan wong wadon, saka bangsa lan dhaerah kang arep nempuh, apadene diparengake ngrayah barang darbeke,


Wong Yahudi banjur padha nglumpuk ana ing kutha-kuthane ing saindenging wewengkone Sang Prabu Ahasyweros, sumedya nempuh marang para wong kang padha ngarah bilaine lan ora ana siji-sijia kang kuwawa nanggulangi tandange wong Yahudi, amarga sakehe bangsa mau padha kadunungan rasa wedi marang wong Yahudi.


kagawe nandukake piwales marang para bangsa, lan kanggo niksa marang para suku bangsa,


Nanging pedhange bakal mbalik lan nuwek awake dhewe, gandhewane padha pinutung.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan