Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




ESTER 9:1 - Kitab Sutji

1 Nalika sasi kang kaping rolas – yaiku sasi Adar – tanggal ping telulas, ing wektu dhawuh undhang-undhange Sang Prabu katindakake, ing dina kang diarep-arep dening satrune wong Yahudi anggone arep masesa wong Yahudi, wekasan kelakone malah kosokbaline: wong Yahudi kang padha ngalahake satrune.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




ESTER 9:1
13 Iomraidhean Croise  

Mengsah kawula Paduka dadosaken keplajeng saking kawula, tiyang ingkang nyengiti kawula, sami kawula tumpes.


Layange padha kakirimake lumantar pelayangan kilat kasebar marang sakehing wewengkoning karajan, iku padha kadhawuhan numpes lan mateni sarta nyirnakake sakehing wong Yahudi wiwit kang anom tekan kang tuwa, dalah bocah-bocah lan wong wadon, karampungna ing sajroning sadina: iya iku ing tanggal kaping telulas sasi kang kaping rolas – iya iku sasi Adar – lan supaya bandha kasugihane karayaha.


Ing sasi kapisan, yaiku ing sasi Nisan, ing taun kang kaping rolase jumenenge Sang Prabu Ahasyweros, wong banjur mbuwang pur – yaiku undhi – ana ing ngarsane Sang Haman, arep milih dina karo sasi kang katuduhake: yaiku sasi karolas, sasi Adar.


tunggal dina ana ing sakehing dhaerah wewengkone Sang Prabu Ahasyweros, tanggal ping tetulas, sasi kang kaping rolas, yaiku sasi Adar.


Amargi kadospundi anggen kawula badhe tegel ningali bilai ingkang badhe ndhawahi bangsa kawula? Kadospundi anggen kawula badhe tegel ningali tumpesipun sanak-sadherek kawula?”


Kelakone prakara iku nalika tanggal ping telulas ing sasi Adar. Ing tanggal ping patbelas banjur padha leren, lan iku didadekake dina pahargyan lan reropyan.


Kawula sampun Paduka sabuki klayan karosan tumrap ing perang; ingkang sami nglawan kawula punika sampun Paduka telukaken wonten ing sangandhaping pangwaos kawula.


Dhuh Yehuwah, Paduka mugi miyarsakaken saha melasi kawula, dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa jumeneng dados juru tetulung kawula!”


Bareng wis enget wewentehan, Rasul Petrus nuli ngunandika: “Saiki aku ngreti temenan, yen Gusti wus ngutus malaekate sarta ngluwari aku saka ing astane Sang Prabu Herodhes lan saka ing samubarang kabeh, kang dikarepake dening wong Yahudi.”


Awitdene Pangeran Yehuwah bakal paring kaadilan marang umate, lan bakal melasi marang para abdine, samangsa mirsani yen wus ora ana kekuwatane lan wus sirna kang jeneng abdi lan kang merdika.


Para bangsa sampun sami nepsu, nanging bebendu Paduka sampun katingal sarta sampun dumugi wekdalipun para tiyang pejah dipun adili tuwin paring ganjaran dhateng para abdi Paduka, para nabi kaliyan para suci saha para ingkang ajrih-asih dhumateng asma Paduka, dhateng tiyang-tiyang alit kaliyan tiyang-tiyang ageng amargi Paduka sampun ngagem panguwaos Paduka ingkang agung lan Paduka badhe nglebur para ingkang sami ngrisak bumi.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan