Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




ESTER 8:9 - Kitab Sutji

9 Ing nalika iku uga para abdi dalem panitra banjur padha katimbalan, pinuju sasi katelu – iya iku sasi Siwan – tanggal ping telulikur, padha nulis kaya saprentahe Pak Mordekhai, kagawe undhang-undhang marang wong Yahudi, para wakile Sang Prabu, para bupati lan marang para panggedhening dhaerah, wiwit ing tanah Indhia nganti tutug ing tanah Etiopia, satus pitulikur dhaerah, saben tanah nganggo tulisane dhewe-dhewe, sarta saben bangsa nganggo basane dhewe-dhewe, mangkono uga wong Yahudi nganggo tulisan lan basane dhewe.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




ESTER 8:9
10 Iomraidhean Croise  

Sang Elyakim bin Hilkia, Sang Sebna lan Sang Yoah banjur padha matur marang priyagung juru pangunjukan mau: “Panjenengan kula aturi ngandika ngagem basa Aram dhateng para ingkang abdi punika, awit kula sami saged mangretos; nanging sampun ngandika mawi basa Yehuda, mindhak dipun pirengaken dening rakyat ingkang wonten ing nginggil balowarti.”


Iku padha nglumpuk ana ing Yerusalem ing sasi kang katelu ing taun kang kaping limane paprentahane Sang Prabu Asa.


Nalika jamane Sang Prabu Ahasyweros – yaiku Sang Prabu Ahasyweros kang ngratoni tlatah satus pitulikur, wiwit saka ing Indhia tutug ing Etiopia –


Sang Prabu nuli paring dhawuh kakintunake marang sakehing tlatah wewengkon dalem, saben tlatah nganggo tulisane dhewe, tuwin saben bangsa nganggo basane dhewe, surasane: “Saben wong lanang kudu dadi sesirahing brayate dhewe, sarta calathu miturut basaning bangsane.”


Sawuse mangkono Sang Prabu Ahasyweros netepake pranatan bulubekti saka ing tanah lan dhaerah nganti tutug ing pasisir uga.


Saka Sang Prabu Nebukadnezar marang wong-wong saka sakehing bangsa lan basa, kang manggon ing salumahing bumi kabeh: “Muga tentrem rahayunira saya wuwuh-wuwuha!


Kacarita Sang Dharius, darah Medhia, nalika yuswa sawidak loro taun, nampeni paprentahan karajan.


Sang Prabu banjur dhawuh nyepeng para kang padha nggugat Sang Dhaniel sarta padha kacemplungake ing luwenging singa dalasan para putra lan garwane pisan. Durung nganti tekan ing dhasaring luweng wus padha kadekep dening singa, malah balung-balunge padha karemuk.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan