ESTER 8:8 - Kitab Sutji8 Kang iku sira padha nulisa bab ing ngatase wong Yahudi, kaya sapamrayoganira atas asmane Sang Prabu lan kaecap nganggo sesupe dalem, iku ora kena kasuwak pisan-pisan.” Faic an caibideil |
Manawi ndadosaken keparenging panggalihipun Sang Prabu, mugi ndhawuhna undhang-undhang ing karajan kapacaka wonten ing angger-anggeripun bangsa Persia lan Media, ingkang boten kenging kaceled, inggih punika bilih Sang Prameswari Wasti boten kenging sowan malih wonten ing ngarsanipun Sang Prabu Ahasyweros, saha kalenggahanipun dados Prameswari kaparingna dhateng putri sanesipun, ingkang ngungkuli utaminipun.
Para abdi dalem panitra padha katimbalan, – iku pinuju sasi kapisan tanggal ping telulas, – banjur padha nulis kaya sapituduhe Sang Haman, ijoane, prentah marang para wakile Sang Prabu, tuwin saben bupati kang mangku wilayah, apadene saben panggedhening bangsa, yaiku marang saben wilayah nganggo tulisane lan marang saben bangsa manut basane, panulise atas asmane Sang Prabu Ahasyweros lan kaecap mawa sesupe cape Sang Prabu.
sarta munjuk: “Manawi Sang Prabu marengaken saha kawula manggih sih wonten ing ngarsa dalem, punapa malih manawi miturut panggalihipun Sang Prabu unjuk kawula punika kagalih prayogi, tur kawula damel renaning panggalih dalem, mugi kawedalna serat prentah nyeled serat-serat damelanipun Haman bin Hamedata, turunipun Agag, ingkang isi dhawuh supados numpes sakathahipun tiyang Yahudi ingkang wonten ing sakathahipun dhaerah wewengkonipun Sang Prabu.
Sadaya priyagung ing karajan punika, para ingkang nyepeng pangwaos saha para wakil-raja, para mentri saha bupati sampun sami saiyeg, supados wontena putusan ingkang kaundhangaken tuwin wontena putusan awisan, supados sinten ingkang salebetipun tigang dasa dinten gadhah panyuwun dhumateng salah satunggaling dewa utawa manungsa, boten dhateng panjenengan dalem, punika badhe kacemplungaken ing luwenging singa.