Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




ESTER 8:7 - Kitab Sutji

7 Sang Prabu Ahasyweros banjur ngandika marang Sang Prameswari Ester tuwin Pak Mordekhai, dhawuhe: “Lah omahe Haman wus sunparingake marang Ester, sarta Haman dhewe wus disulah ing panyulahan, awit ngarah bilaine bangsa Yahudi.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




ESTER 8:7
7 Iomraidhean Croise  

Nalika jumenenge Sang Prabu Ahasyweros ing wiwitane anggone ngasta paprentahan, wong mau padha ngunjukake layang panggugat tumrap para wong kang wus padha manggon ing Yehuda lan ing Yerusalem.


Wasana Haman kasulah ana ing panyulahan kang didegake kanggo Pak Mordekhai. Dukane Sang Prabu temah lilih.


Sawenehing priyayi kadhaton, kang lagi ana ing ngarsane Sang Prabu, kang asma Kharbona banjur munjuk: “Ing sacelaking griyanipun Haman wonten panyulahan ingkang inggilipun seket asta, ingkang dipun damel dening Haman kangge Mordekhai, tiyang ingkang milujengaken Sang Prabu kanthi anggenipun ngunjukaken palapuran punika.” Dhawuhe Sang Prabu: “Sulahen ana ing panyulahan iku!”


Ing dina iku Sang Prabu Ahasyweros maringake barang darbeke Sang Haman, satrune bangsa Yahudi marang Sang Prameswari Ester karodene Pak Mordekhai kasowanake marang ngarsane Sang Prabu, amarga Sang Prameswari Ester wus ngunjuki uninga, Pak Mordekhai iku kaprenah apa karo panjenengane.


Wong becik ninggali warisan marang anak-putune, nanging barang darbeke wong dosa iku dicadhangake kanggo wong bener.


Sang Kristus wus nebus kita saka laknate angger-anggering Toret srana dadi laknat piyambak marga saka kita, sabab ana tulisan mangkene: “Kenaa ing laknat saben wong kang digantung ing kayu salib iku!”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan