ESTER 8:6 - Kitab Sutji6 Amargi kadospundi anggen kawula badhe tegel ningali bilai ingkang badhe ndhawahi bangsa kawula? Kadospundi anggen kawula badhe tegel ningali tumpesipun sanak-sadherek kawula?” Faic an caibideil |
Amargi kawula sampun sami kasade, inggih kawula, dalah bangsa kawula, badhe katumpes, kapejahan tuwin kasirnakaken. Saupami kawula namung sami kasade saha kadadosaken rencang jaler kaliyan estri, kawula mesthi kendel kemawon, nanging panganiaya punika boten wonten tandhingipun ing antawisipun bebaya ingkang nempuh Sang Prabu.”