ESTER 8:5 - Kitab Sutji5 sarta munjuk: “Manawi Sang Prabu marengaken saha kawula manggih sih wonten ing ngarsa dalem, punapa malih manawi miturut panggalihipun Sang Prabu unjuk kawula punika kagalih prayogi, tur kawula damel renaning panggalih dalem, mugi kawedalna serat prentah nyeled serat-serat damelanipun Haman bin Hamedata, turunipun Agag, ingkang isi dhawuh supados numpes sakathahipun tiyang Yahudi ingkang wonten ing sakathahipun dhaerah wewengkonipun Sang Prabu. Faic an caibideil |
manawi kawula angsal sihkadarmanipun Sang Prabu, sarta manawi kepareng ing karsa dalem maringi kawula ingkang dados pangajeng-ajeng kawula, saha ngleksanani ingkang dados panyuwun kawula, mugi Sang Prabu karsaa rawuh nedhaki ing bujana ingkang badhe dalem saosaken malih, sarta Haman mugi kalilana ndherek, benjing-enjing kawula badhe ngestokaken dhawuh dalem.”
Ingkang punika manawi kawula pancen angsal sih-mirma wonten ing ngarsa Paduka, panyuwun kawula mugi kawula kasumerepna dhateng ing pangreh Paduka, supados kawula sageda mangertos Paduka, supados kawula tetep nampeni sih-mirma wonten ing ngarsa Paduka. Paduka mugi karsaa enget, bilih bangsa punika umat Paduka.”
Kadospundi sagedipun kasumerepan, manawi kawula sampun tampi sih-mirma wonten ing ngarsa Paduka, inggih kawula dalah umat Paduka punika? Punika rak margi Paduka nganti lampah kawula sadaya, ngantos kawula dalah umat Paduka punika kabedakaken kaliyan bangsa-bangsa ingkang wonten ing salumahipun bumi punika.”
tembungipun: Keparenga kula nyuwun pamit, amargi wonten upacara sidhekahan kangge kulawarga kula ing kitha; para sadherek kula piyambak ingkang murugi kula. Milanipun manawi panjenengan welas dhateng kula, kula panjenengan lilani tuwi para sadherek kula. Punika sebabipun Dawud boten ndherek ing bujananipun Sang Prabu.”