Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




ESTER 8:4 - Kitab Sutji

4 Sang Prabu banjur ngacungake jungkating kaprabon kancana marang Sang Prameswari Ester, tumuli Sang Putri jumeneng ana ing ngarsane Sang Prabu,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




ESTER 8:4
3 Iomraidhean Croise  

“Sakathahing para abdinipun Sang Prabu sadaya dalah tiyang ing sakathahipun dhaerah wewengkonipun Sang Prabu sadaya sampun sami sumerep, bilih tumrap sinten-sintena, jalera estria, ingkang seba dhateng ngarsanipun Sang Prabu ngantos dumugi ing plataran nglebet, boten sarana dipun timbali, namung wonten undhang-undhang satunggal ingkang tumindak: inggih punika paukuman pejah. Namung manawi Sang Prabu karsa ngathungaken jungkating kaprabon kancana dhateng tiyang punika, tiyang punika tetep gesang. Lan salebetipun tigang dasa dinten punika kula boten katimbalan marek ing ngarsanipun Sang Prabu.”


Bareng Sang Prabu mirsani Sang Prameswari jumeneng ana ing plataran, Sang Prameswari Ester mau karentahan ing sihwilasa dalem, temah diathungi jungkating kaprabon kancana kang kaasta, Sang Prameswari Ester banjur marepeki ndumuk pucuking jungkat iku.


Sang Prameswari Ester tumuli ngunjukake panyuwun maneh ana ing ngarsane Sang Prabu, karo nyungkemi padane, lan muwun sarta sambat-sambat muga karsaa murungake pialane Sang Haman turune Agag, tuwin rancangane kang wus kagawe tumrap bangsa Yahudi.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan