ESTER 8:3 - Kitab Sutji3 Sang Prameswari Ester tumuli ngunjukake panyuwun maneh ana ing ngarsane Sang Prabu, karo nyungkemi padane, lan muwun sarta sambat-sambat muga karsaa murungake pialane Sang Haman turune Agag, tuwin rancangane kang wus kagawe tumrap bangsa Yahudi. Faic an caibideil |
Amargi kawula sampun sami kasade, inggih kawula, dalah bangsa kawula, badhe katumpes, kapejahan tuwin kasirnakaken. Saupami kawula namung sami kasade saha kadadosaken rencang jaler kaliyan estri, kawula mesthi kendel kemawon, nanging panganiaya punika boten wonten tandhingipun ing antawisipun bebaya ingkang nempuh Sang Prabu.”