2 Sang Prabu banjur nglolos sesupe cap kang wus kapundhut saka Sang Haman, kaampilake marang Pak Mordekhai lan Pak Mordekhai kapatah dening Sang Prameswari Ester nguwasani barang kagungane Sang Haman mau.
Sang Prabu Pringon tumuli nglolos sesupune cap saka astane banjur dianggokake ing drijine Yusuf, sarta dianggoni sandhangan mori alus lan gulune dikalungi kalung mas.
Mungguh sakehing lelabetane kang linuwih lan kaprawirane, apadene andharaning caritane bab kaluhuran kang diparingake dening Sang Nata marang Sang Mordekhai, kabeh iku rak wis katulisan ana ing buku sejarahe para ratu ing Media lan Persia?
Sang Prameswari Ester tumuli ngunjukake panyuwun maneh ana ing ngarsane Sang Prabu, karo nyungkemi padane, lan muwun sarta sambat-sambat muga karsaa murungake pialane Sang Haman turune Agag, tuwin rancangane kang wus kagawe tumrap bangsa Yahudi.
Padha nganti-antia marang Pangeran Yehuwah, sarta lumakua ing margine, satemah kowe banjur kaangkat supaya oleh warisan bumi, sarta kowe bakal padha ndeleng para wong duraka tinumpes.
Dhaniel banjur kaparingan kaluhuran dening Sang Prabu: kaganjar peparing kang linuwih, tuwin kawisudha dadi kang ngasta pangwasa ing saindenging wilayah Babil lan dadi panggedhene sakehing wong wicaksana ing Babil.
Nanging bapakne prentah marang batur-bature: Enggal jupukna jubah kang apik dhewe, nuli enggokna, drijine enggonana ali-ali lan enggonana sepatu sikile.