Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




ESTER 8:16 - Kitab Sutji

16 Wong Yahudi padha lega atine lan ngrasakake kabungahan, kasenengan lan kaurmatan.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




ESTER 8:16
14 Iomraidhean Croise  

“Sumangga sampeyan nglempakaken sakathahipun tiyang Yahudi ingkang wonten ing Susan; kula sami sampeyan siyamaken, sampun nedha lan ngombe rinten dalu, ngantos tigang dinten dangunipun! Rinten kalayan dalu. Kula kaliyan para cethi kula ugi badhe siyam; dene sasampunipun, sanadyan kula nerak angger-anggeripun, Sang Prabu, kula badhe marak ing ngarsanipun Sang Prabu; manawi kula kapeksa pejah, kajengipun kula pejah.”


Kelakone prakara iku nalika tanggal ping telulas ing sasi Adar. Ing tanggal ping patbelas banjur padha leren, lan iku didadekake dina pahargyan lan reropyan.


Ing sajroning peteng wong kang bener kaplethekan pepadhang, tresna welasan lan adil.


Pangeran Yehuwah iku Gusti Allah, Panjenengane paring pepadhang marang kita, kurbane riyaya cancangen kalawan tali ing sungu-sungune misbyah.


Amargi bangsa ingkang katindhes Paduka pitulungi, nanging mripat ingkang kumingsun Paduka soraken.


Kawula ingkang sesambat Paduka santuni dados tiyang ingkang jejogedan, pangangge kawula bagor Paduka rucat, kawula lajeng Paduka sabuki kaliyan kabingahan,


Pepadhang wus sumunar tumrap para wong mursid, lan kabungahan tumrap para wong kang burus atine.


Kabegjane wong mursid, ndadekake kabungahane wong sakutha, lan samangsa wong duraka tumpes, wong padha rame surak-surak.


Samangsa wong bener menang, akeh kang ngalembana, nanging manawa wong duraka oleh pangwasa, akeh wong kang padha umpetan.


lan para wong kang wus kauwalan dening Pangeran Yehuwah kang bakal padha mulih tuwin lumebu ing Sion kalawan surak-surak, kanthi kapenuhan ing kabungahan kang langgeng; bakal padha kebak ing kasenengan la sukarena, kasusahan lan pasambat bakal padha ngedoh.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan