Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




ESTER 8:11 - Kitab Sutji

11 Dene surasane: Wong Yahudi ing siji-sijining kutha padha kaparingan palilah dening Sang Nata nglumpuk ngreksa uripe, numpes mateni sarta nyirnakake sakehing wadya-bala, dalah bocah-bocah lan wong wadon, saka bangsa lan dhaerah kang arep nempuh, apadene diparengake ngrayah barang darbeke,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




ESTER 8:11
9 Iomraidhean Croise  

Layange padha kakirimake lumantar pelayangan kilat kasebar marang sakehing wewengkoning karajan, iku padha kadhawuhan numpes lan mateni sarta nyirnakake sakehing wong Yahudi wiwit kang anom tekan kang tuwa, dalah bocah-bocah lan wong wadon, karampungna ing sajroning sadina: iya iku ing tanggal kaping telulas sasi kang kaping rolas – iya iku sasi Adar – lan supaya bandha kasugihane karayaha.


Nanging wong Yahudi ing Susan padha nglumpuk ing tanggal ping telulas lan ping patbelas ing sasi iku. Lerene tanggal ping limalas sarta dina iku didadekake dina pahargyan lan sukarena.


He putri ing Babel, kang dhemen nganiaya, rahayu wong kang nindakake piwales marang kowe, tumrap pakarti-pakarti kang koktandukake marang aku kabeh!


Sami kados kukus kabur sirna, kados lilin ajer wonten ing sangajenging latu, makaten tumpesipun tiyang duraka wonten ing ngarsanipun Gusti Allah.


Iku bakal Sunutus nglawan bangsa kang murtad, tuwin bakal Sundhawuhi nglawan umat lesaning dukaningSun, supaya ngrerampas lan njarah-rayah, sarta supaya ngidak-idak bangsa mau kaya blethok ing lelurung.


Wong-wong mau ora bakal njupuk kayu saka ing alas trataban utawa nyigari kayu obong ana ing alas, amarga anggone padha ngurubake geni iku nganggo gegamane mau. Sabanjure bakal padha ngrampas kang biyen ngrampas wong-wong mau lan njarah-rayah kang biyen njarah-rayahi wong-wong mau. Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan