Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




ESTER 8:10 - Kitab Sutji

10 Panulise atas asmane Sang Prabu Ahasyweros, lan kaecap nganggo sesupe dalem, nuli layange dikirimake lumantar para utusan kilat kang padha nunggang jaran karaton kang cukat, kang pinangkane saka panggonan kang dianggo ngingu jaran.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




ESTER 8:10
13 Iomraidhean Croise  

Sawuse mangkono Sang Putri banjur damel serat atas asmane Sang Prabu Akhab, nuli disegel kanthi segeling karajan, tumuli dikintunake marang para pinituwa lan para panggedhe ing kutha panggonane Nabot.


Sair lan dami kanggo jaran-jaran lumrah lan jaran-jaran teji iku padha digawa menyang ing panggonan kang wus katemtokake, manut tanggungane dhewe-dhewe.


Para utusan tumuli padha mangkat rerikatan menyang ing saindenging tanah Israel lan Yehuda kalawan nggawa layang saka Sang Prabu lan para panggedhe sarta padha mratelakake miturut dhawuhe Sang Prabu mangkene: “He, wong Israel, padha balia marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Eyang Abraham, Iskak lan Israel, Panjenengane mesthi iya banjur bakal wangsul marang panunggalanmu kang isih kari, yaiku kang padha bisa oncat saka ing astane para ratu ing Asyur.


Kang iku sira padha nulisa bab ing ngatase wong Yahudi, kaya sapamrayoganira atas asmane Sang Prabu lan kaecap nganggo sesupe dalem, iku ora kena kasuwak pisan-pisan.”


Playune dina-dinaning umurku rikate ngungkuli utusan kilat, wus padha larud tanpa nyumurupi kabegjan,


Awit pangandikaning ratu iku kwasa; sapa ta kang bakal munjuk ana ing ngarsane: “Panjenengan dalem nglampahi punapa?”


Unta kang akeh cacahe bakal ngebaki wilayahira, unta-unta enom saka ing Midian lan Efa. Iku bakal padha teka saka ing Syeba, kalawan momot emas lan menyan, sarta martakake pakaryaning Sang Yehuwah kang misuwur.


Iku bakal padha ngirid sakehing sadulurira saka ing antarane bangsa kabeh kacaosake minangka kurban marang Sang Yehuwah kalawan katunggangake ing jaran, kreta lan tandhu, bihal sarta unta wadon kang rikat lakune, kagawa munggah menyang ing gunungingSun kang suci, menyang Yerusalem, mangkono pangandikane Sang Yehuwah, padha kaya wong Israel kang nggawa kurban ana ing wadhah kang suci menyang ing padalemaning Pangeran Yehuwah.


Kapriye dene sira kok wani ngucap: Aku ora tau najisake awakku, aku ora tau ngetutwuri para Baal? Delengen tindak-tandukira ana ing lebak, kawruhana apa kang wus sira lakoni; he, unta wadon kang cancingan lan mloya-mlayu mrana-mrene,


Kalawan sira Ingsun ngremuk jaran dalah kang nunggangi, kalawan sira Ingsun ngejur kareta perang dalah kang nunggang.


Saka Sang Prabu Nebukadnezar marang wong-wong saka sakehing bangsa lan basa, kang manggon ing salumahing bumi kabeh: “Muga tentrem rahayunira saya wuwuh-wuwuha!


Sadaya priyagung ing karajan punika, para ingkang nyepeng pangwaos saha para wakil-raja, para mentri saha bupati sampun sami saiyeg, supados wontena putusan ingkang kaundhangaken tuwin wontena putusan awisan, supados sinten ingkang salebetipun tigang dasa dinten gadhah panyuwun dhumateng salah satunggaling dewa utawa manungsa, boten dhateng panjenengan dalem, punika badhe kacemplungaken ing luwenging singa.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan