Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




ESTER 8:1 - Kitab Sutji

1 Ing dina iku Sang Prabu Ahasyweros maringake barang darbeke Sang Haman, satrune bangsa Yahudi marang Sang Prameswari Ester karodene Pak Mordekhai kasowanake marang ngarsane Sang Prabu, amarga Sang Prameswari Ester wus ngunjuki uninga, Pak Mordekhai iku kaprenah apa karo panjenengane.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




ESTER 8:1
12 Iomraidhean Croise  

dene kang cedhak dhewe karo Sang Prabu, yaiku: Sang Karsena, Setar, Admata, Tarsis, Meres, Marsena sarta Sang Memukan, priyagung pitu, panggedhene nagara Persia lan Media, kang diparengake mirsani pasuryane Sang Prabu lan kang kaparingan kalungguhan kang dhuwur ana ing sajroning karajan – pandangune Sang Prabu:


Nalika Ester – anake Abihail pamane Mordekhai, kang mupu Ester iku – wus ndungkap gilirane marak marang ing ngarsane Sang Prabu, Ester mau ora njaluk apa-apa, kajaba mung kang diprayogakake Hegai, abdi dalem lurah kaputren. Dene Ester ndadekake reseping atine angger wong kang nyawang.


Mordekhai mau duwe momongan wadon, jenenge Hadasa, yaiku Ester, anake sadulure bapakne, awit wis ora duwe bapa-biyung; bocah iku pawakane endah lan sulistya ing warna. Nalika bapa-biyunge ngajal, banjur kapupu dening Mordekhai iku.


Unjuk wangsulane Sang Prameswari Ester: “Tiyang ingkang nganiaya saha ingkang dados mengsah wau inggih punika Haman, tiyang dursila punika.” Ing kono Sang Haman gumeter wedi ana ing ngarsane Sang Prabu lan Sang Prameswari.


Sang Prabu Ahasyweros banjur ngandika marang Sang Prameswari Ester tuwin Pak Mordekhai, dhawuhe: “Lah omahe Haman wus sunparingake marang Ester, sarta Haman dhewe wus disulah ing panyulahan, awit ngarah bilaine bangsa Yahudi.


Lah dangunipun umur kawula punika sampun Paduka temtokaken namung sawatawis tebah; saha gesang kawula punika kados barang ingkang kothong wonten ing ngarsa Paduka, pancen saben tiyang punika namung satunggaling bab ingkang tanpa gina. (Selah)


Wong becik ninggali warisan marang anak-putune, nanging barang darbeke wong dosa iku dicadhangake kanggo wong bener.


Sing sapa ngundhakake barang-darbeke srana dibathekake lan dianakake, iku nglumpukake kanggo wong-wong kang melasi para wong sekeng.


Ananging dhawuhe Gusti Allah marang wong mau: Heh, wong kang tanpa budi, bengi iki uga nyawanira bakal kapundhut saka ing sira. Lan apa kang wis sira cawisake iku, kanggo apa bakale?


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan