ESTER 7:9 - Kitab Sutji9 Sawenehing priyayi kadhaton, kang lagi ana ing ngarsane Sang Prabu, kang asma Kharbona banjur munjuk: “Ing sacelaking griyanipun Haman wonten panyulahan ingkang inggilipun seket asta, ingkang dipun damel dening Haman kangge Mordekhai, tiyang ingkang milujengaken Sang Prabu kanthi anggenipun ngunjukaken palapuran punika.” Dhawuhe Sang Prabu: “Sulahen ana ing panyulahan iku!” Faic an caibideil |
Zeresy kang garwa, dalah para mitrane kabeh padha saiyeg matur: “Sae kadamelna saka panyulahan, ingkang inggilipun seket asta, lan benjing-enjing panjenengan munjuk dhumateng Sang Prabu, supados Mordekhai kasulaha wonten ing saka punika. Sasampunipun makaten, dipun eca ing galih anggen panjenengan ndherek Sang Prabu dhateng bujana.” Prakara iku digalih becik dening Sang Haman, tumuli dhawuh gawe saka panyulahan.