Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




ESTER 7:8 - Kitab Sutji

8 Nalika Sang Prabu rawuh wangsul saka ing patamananing kadhaton, lumebet ing gedhong panggonane unjuk-unjukan, Sang Haman mau ketemu nglumpruk sumungkem ing kanthil pasareane Sang Prameswari Ester. Pangandikane Sang Prabu: “Apa iya arep masesa marang Sang Prameswari ana sajroning kadhatoningsun piyambak?” Bareng pangandika iku miyos saka tutuke Sang Prabu, para abdi tumuli ngrukupi pasuryane Sang Haman.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




ESTER 7:8
9 Iomraidhean Croise  

Bareng wus tekan samono mau Sang Prabu tumuli ngawontenake bujana maneh kanggo sakehing para kawula kang ana ing beteng kadhaton ing Susan, para priyagung dalah para wong cilik, suwene pitung dina, ana ing plataraning patamanan kadhaton.


Langsene lena, mori alus lan kain wungu tuwa, kang tinalenan lena alus lan kain wungu enom, cumanthel ing gelangan salaka ing saka-saka marmer putih, sarta kanthil kancana lan salaka kaprenahake ing jrambah marmer, marmer putih, giwang lan marmer mancawarna.


Sawuse mangkono Pak Mordekhai banjur bali maneh menyang ing gapurane kadhaton, nanging Sang Haman gupuh-gupuh kondur kalawan prihatin sarta kekudhungan.


Wasana Haman kasulah ana ing panyulahan kang didegake kanggo Pak Mordekhai. Dukane Sang Prabu temah lilih.


Bumi wus kapasrahake marang wong duraka, hakime jagad ditutupi raine; manawa dudu Gusti Allah kang nindakake iku, lah sapa ta?


Lah Pangeran Yehuwah bakal nguncalake sira nganti adoh banget, he manungsa! Sira bakal kacepeng kalawan kenceng,


Para raja bakal padha dadi pamomongira lan para garwane padha dadi embanira. Iku bakal padha nyembah marang sira nganti sumungkem konjem ing bumi sarta padha ndilati lebuning sikilira. Ing kono sira bakal sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah, tuwin manawa para wong kang padha nganti-anti marang Ingsun iku ora bakal padha kawirangan.”


Pangandikane Sang Yehuwah mangkene: “Kayadene pangon kang ngrebut sikil loro utawa kuping sacuwil saka ing cangkeme singa, kaya mangkono wong Israel kang manggon ing Samaria anggone bakal kaentasake, kaya saperanganing dipan, lan kaya saperanganing sikile paturon.”


Banjur ana wong sawatara kang wiwit ngidoni Panjenengane, nutupi pasuryane lan ngantemi karo kandha: “Heh, Nabi, coba mecaa!” Dalasan para abdi iya padha napuki.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan