Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




ESTER 7:7 - Kitab Sutji

7 Sang Prabu banjur jumeneng saka anggone ngunjuk anggur kalawan duka luwih dening banget, tedhak menyang patamananing kadhaton, nanging Sang Haman isih kari sesambat marang Sang Prameswari Ester nyuwun urip, amarga mirsa, yen Sang Prabu wus nemtokake bilaine.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




ESTER 7:7
14 Iomraidhean Croise  

Nanging Sang Prameswari mopo sowan ngestokake timbalan dalem kang kaaturake dening priyayi kadhaton mau, temah Sang Prabu duka banget nganti mangar-mangar pasuryane.


Bareng wus tekan samono mau Sang Prabu tumuli ngawontenake bujana maneh kanggo sakehing para kawula kang ana ing beteng kadhaton ing Susan, para priyagung dalah para wong cilik, suwene pitung dina, ana ing plataraning patamanan kadhaton.


Wasana Haman kasulah ana ing panyulahan kang didegake kanggo Pak Mordekhai. Dukane Sang Prabu temah lilih.


Wong duraka padha ndeleng, banjur lara atine, nggeget untu banjur luluh; pepenginane wong duraka iku tumuju marang ing karusakan.


Wong ala padha tumungkul ana ing ngarepe wong becik, lan wong duraka ana ing ngarepe regole wong bener.


Abdi kang mawa budi ndadekake keparenge Sang Prabu, nanging kang mirangake iku bakal nampani dedukane.


Dukaning ratu iku dutaning pati, mangka wong wicaksana ngendhakake bebendune.


Dukaning ratu iku kaya panggerone singa anom, nanging kabecikane iku kaya ebun kang tumiba ing pasuketan.


anak-anake para wong kang nindhes sira bakal padha marani sira kalawan tumungkul, lan sakehe wong kang padha ngala-ala sira bakal sujud nyembah marang tlapakaning sikilira; sarta baka nyebut sira, “kuthaning Pangeran Yehuwah”, “Sion, kagungane Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel”.


Ing kono Sang Prabu Nebukadnezar luwih dening banget bendune sarta santun pasuryane tumrap Sang Sadrakh, Sang Mesakh lan Sang Abednego; banjur dhawuh, supaya panasing pawon katikelake pitu katimbang karo kang lumrah,


Wruhanira, wong sawatara panunggalaning paguyubane Iblis, yaiku kang padha ngaku-aku Yahudi, mangka sajatine dudu, nanging goroh, iku bakal Sunpasrahake marang sira. Sanyatane wong iku bakal Suntekakake, supaya padha sumungkem ana ing ngarepe sikilira sarta padha ngakoni, yen Ingsun ngasihi sira.


Manawi dipun pangandikakaken makaten: Iya becik, ateges ingkang abdi wilujeng. Nanging manawi dukanipun muntab dadakan, panjenengan mangertosa, bilih Sang Prabu sampun mutus murih bilai kula.


Nanging Pangeran Yonatan mangsuli: “Punika katebihna saking kula! Amargi manawi kula mangretos sayektos, bilih kanjeng rama sampun mutus badhe ndhatengaken bilai dhateng panjenengan, punapa inggih kula boten ngaturi pirsa dhateng panjenengan.”


Milanipun, panjenengan galih saha panjenengan limbang-limbang, punapa ingkang prayogi panjenengan lampahi, amargi sampun dipun temtokaken, bilih bendara kula dalasan sakulawarganipun badhe manggih bilai, mangka bendara kula punika panggalihipun awon, temah boten saged dipun ajak rerembagan.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan