Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




ESTER 7:6 - Kitab Sutji

6 Unjuk wangsulane Sang Prameswari Ester: “Tiyang ingkang nganiaya saha ingkang dados mengsah wau inggih punika Haman, tiyang dursila punika.” Ing kono Sang Haman gumeter wedi ana ing ngarsane Sang Prabu lan Sang Prameswari.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




ESTER 7:6
18 Iomraidhean Croise  

Bareng sakehing mungsuhku padha krungu wartane, sakehing bangsa ing sakubengku padha wedi, amarga padha kaweleh lan ngreti, yen pagawean iku katindakake kalawan pitulungane Gusti Allah.


Sang Prabu nuli nglolos sesupe cap saka ing racikane, kaparingake marang Sang Haman bin Hamedata, wong Agag, satrune bangsa Yahudi.


Ing kono pandangune Sang Prabu Ahasyweros marang Sang Prameswari Ester: “Iku sapa? Ana ing ngendi wonge, kang duwe pangarah mangkono ing sajroning atine?”


Ing dina iku Sang Prabu Ahasyweros maringake barang darbeke Sang Haman, satrune bangsa Yahudi marang Sang Prameswari Ester karodene Pak Mordekhai kasowanake marang ngarsane Sang Prabu, amarga Sang Prameswari Ester wus ngunjuki uninga, Pak Mordekhai iku kaprenah apa karo panjenengane.


Nalika para durjana padha nempuh marang aku arep mangan dagingku, yaiku sakehing satruku lan mungsuhku banjur padha kajengklok lan tiba.


Dukaning ratu iku dutaning pati, mangka wong wicaksana ngendhakake bebendune.


Ing sajroning kaanan mangkono iku, begja nagara kang ratune ingajenan ana ing dhaerah kono.


Atiku ngolang-ngaling, aku kalimputan ing rasa trataban, wayah bengi kang tansah dakangen-angen iku saiki gawe geterku.


Para wong kang padha ana ing sajabaning pasamuwan, iku bakal diadili dening Gusti Allah. Wong kang padha nandukake piala iku tundhungen saka ing tengah-tengahmu.


ing wektu iku si pangawak duraka lagi bakal muncul, nanging nuli bakal katumpes dening Gusti Yesus kalawan ababing tutuke lan bakal kasirnakake, samangsa Panjenengane rawuh maneh.


Sang Yehuwah mugi dadosa hakim ing antawis kawula kaliyan panjenengan dalem, Sang Yehuwah mugi malesaken kawula dhateng panjenengan dalem, nanging tangan kawula boten badhe nempuh panjenengan dalem.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan