Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




ESTER 7:3 - Kitab Sutji

3 Sang Prameswari Ester tumuli mangsuli, unjuke: “Dhuh Sang Prabu! Manawi adalem angsal sih wilasa wonten ing ngarsa dalem, panyuwun kawula, mugi kawula kaparingana gesang margi saking panyuwunipun dalem, makaten ugi bangsa kawula inggih margi saking panyuwunipun dalem.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




ESTER 7:3
9 Iomraidhean Croise  

Para punggawane nuli padha munjuk marang panjenengane: “Kauningana, kawula sampun sami mireng, bilih para ratu trahing Israel punika ratu ingkang sami ambek mirah. Sumangga sami mangangge bagor ing bangkekan kita saha tangsul ing sirah kita lajeng sami medal sowan ing ngarsanipun Sang Nata ing Israel; bokmanawi panjenengan dalem lajeng dipun gesangi.”


Sang Prabu tumuli utusan maneh sawijining opsir kang katelu sapanekare wong seket. Opsir kang katelu iku banjur munggah lan bareng wis tekan nuli jengkeng ana ing ngarsane Nabi Elia tuwin nyuwun sih-piwelas marang panjenengane, ature: “Dhuh abdining Allah, nyawa kula tuwin nyawanipun ingkang abdi tiyang seket punika mugi manggiha sih wonten ing ngarsa panjenengan.


Apadene digawani turunane layang undhang-undhang kang wus kawetokake ana ing Susan, bab panumpese bangsa Yahudi mau, supaya kaaturna lan katerangna marang Sang Prameswari Ester. Karomaneh panjenengane diaturi marak marang ngarsane Sang Prabu nyuwun palimirma lan mbelani bangsane.


manawi kawula angsal sihkadarmanipun Sang Prabu, sarta manawi kepareng ing karsa dalem maringi kawula ingkang dados pangajeng-ajeng kawula, saha ngleksanani ingkang dados panyuwun kawula, mugi Sang Prabu karsaa rawuh nedhaki ing bujana ingkang badhe dalem saosaken malih, sarta Haman mugi kalilana ndherek, benjing-enjing kawula badhe ngestokaken dhawuh dalem.”


Sang Prabu banjur jumeneng saka anggone ngunjuk anggur kalawan duka luwih dening banget, tedhak menyang patamananing kadhaton, nanging Sang Haman isih kari sesambat marang Sang Prameswari Ester nyuwun urip, amarga mirsa, yen Sang Prabu wus nemtokake bilaine.


sarta munjuk: “Manawi Sang Prabu marengaken saha kawula manggih sih wonten ing ngarsa dalem, punapa malih manawi miturut panggalihipun Sang Prabu unjuk kawula punika kagalih prayogi, tur kawula damel renaning panggalih dalem, mugi kawedalna serat prentah nyeled serat-serat damelanipun Haman bin Hamedata, turunipun Agag, ingkang isi dhawuh supados numpes sakathahipun tiyang Yahudi ingkang wonten ing sakathahipun dhaerah wewengkonipun Sang Prabu.


Iblis banjur ngunjuki wangsulan marang Sang Yehuwah: “Kulit gegentosing kulit; punapa sadarbekipun tiyang mesthi dipun tombokaken supados kapitulungan gesang.


Ing ngriku sampeyan wangsulana makaten: Aku ngaturake panyuwunan marang ing ngarsane Sang Prabu, murih aku aja dibalekake marang omahe Yonatan lan banjur mati ana ing kana.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan