Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




ESTER 7:10 - Kitab Sutji

10 Wasana Haman kasulah ana ing panyulahan kang didegake kanggo Pak Mordekhai. Dukane Sang Prabu temah lilih.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




ESTER 7:10
22 Iomraidhean Croise  

Nanging lurah dhaharan digantung, cocog kaya anggone negesake Yusuf marang para lurah mau.


Sawuse lelakon iku mau, bareng dukane Sang Prabu Ahasyweros wus sirep, panjenengane kengetan marang Sang Putri Wasti, lan apa kang wus ditindakake sarta mungguh tibaning putusan tumrap ing sarirane.


Zeresy kang garwa, dalah para mitrane kabeh padha saiyeg matur: “Sae kadamelna saka panyulahan, ingkang inggilipun seket asta, lan benjing-enjing panjenengan munjuk dhumateng Sang Prabu, supados Mordekhai kasulaha wonten ing saka punika. Sasampunipun makaten, dipun eca ing galih anggen panjenengan ndherek Sang Prabu dhateng bujana.” Prakara iku digalih becik dening Sang Haman, tumuli dhawuh gawe saka panyulahan.


Sang Prabu banjur jumeneng saka anggone ngunjuk anggur kalawan duka luwih dening banget, tedhak menyang patamananing kadhaton, nanging Sang Haman isih kari sesambat marang Sang Prameswari Ester nyuwun urip, amarga mirsa, yen Sang Prabu wus nemtokake bilaine.


Nalika Sang Prabu rawuh wangsul saka ing patamananing kadhaton, lumebet ing gedhong panggonane unjuk-unjukan, Sang Haman mau ketemu nglumpruk sumungkem ing kanthil pasareane Sang Prameswari Ester. Pangandikane Sang Prabu: “Apa iya arep masesa marang Sang Prameswari ana sajroning kadhatoningsun piyambak?” Bareng pangandika iku miyos saka tutuke Sang Prabu, para abdi tumuli ngrukupi pasuryane Sang Haman.


Sang Prabu Ahasyweros banjur ngandika marang Sang Prameswari Ester tuwin Pak Mordekhai, dhawuhe: “Lah omahe Haman wus sunparingake marang Ester, sarta Haman dhewe wus disulah ing panyulahan, awit ngarah bilaine bangsa Yahudi.


Sang Prabu paring dhawuh nindakake kaya mengkono; undhang-undhang iku diwetokake ing Susan lan putrane Sang Haman sapuluh padha disulah ing panyulahan.


nanging sawuse prakara iku mau kaunjukake marang Sang Prabu, panjenengane banjur paring dhawuh kamot ana ing serat, pangarahe ala marang bangsa Yahudi iku mbalika marang mastakane Sang Haman dhewe. Sang Haman saputra-putrane tumuli padha kasulah ana ing panyulahan.


awit sikile dhewe marakake klebu ing jaring, lan lakune liwat ing tutuping luwangan pasangan.


Bakal sirna kaya impen tanpa tilas, ilang kaya wewarnan ing wayah bengi,


Nanging pedhange bakal mbalik lan nuwek awake dhewe, gandhewane padha pinutung.


nuli gawe luwangan, didhudhuk, nanging kecemplung dhewe ing luwangan gaweane mau.


Gusti Allah kang malesake pialane wong-wong mau, lan jalaran saka pialane bakal padha katumpes. Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, bakal nyirnakake wong-wong iku.


Sing sapa ngupaya kabecikan, iku ngudi supaya disenengi ing wong, nanging kang ngarah marang piala, bakal ketaman ing piala.


Wong bener kaentasake saka ing karubedan, wong duraka kang banjur nggenteni.


Sing sapa ndhudhuk jugangan bakal kacemplung dhewe, lan kang ngglundhungake watu, watune bakal bali mlindhes awake dhewe.


Mulane pangandikane Sang Yehuwah mangkene: Sira ora padha ngestokake dhawuhingSun, kang supaya saben wong ngundhangake pangluwaran marang sapepadhane lan sadulure, mulane lah, Ingsun ngundhangake tumrap sira, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah –, kebebasan marang pedhang, pageblug lan pailan. Sira bakal Sundadekake kang njalari girise sakehing karajan ing bumi.


Kaya mangkono anggoningSun bakal ngatogake bebenduningSun marang wong-wong mau, satemah bentering panggalihingSun banjur lilih sarta Ingsun wus rumaos marem. Ing kono wong-wong iku bakal padha sumurup, yen Ingsun iki Yehuwah kang mangandikakake iku ing sajroning butajenganingSun, nalika Ingsun ngesokake bebenduningSun mau.


Ing kono Sang Prabu banjur banget sukane sarta paring dhawuh, supaya Sang Dhaniel kainggahake saka ing luweng. Sang Dhaniel tumuli kainggahake saka ing luweng, lan pinanggih ora ana tatune apa-apa, marga saka anggone kumandel marang Allahe.


Sang Prabu banjur dhawuh nyepeng para kang padha nggugat Sang Dhaniel sarta padha kacemplungake ing luwenging singa dalasan para putra lan garwane pisan. Durung nganti tekan ing dhasaring luweng wus padha kadekep dening singa, malah balung-balunge padha karemuk.


Panjenengane tumuli nguwuh marang aku: “Sawangen, kang lakune menyang Tanah Lor iku arep nentremake RohingSun ana ing Tanah Lor kono.”


Ing kono pangandikane Sang Simson marang wong mau: “Yen kowe padha duwe pokal kaya mangkono, lah aku iki bakal ora leren-leren sadurunge malesake awakku sakayange marang kowe.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan