Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




ESTER 6:9 - Kitab Sutji

9 Lan pangageman tuwin kapal punika wau kapasrahna dhateng sawenehing pangageng abdinipun Sang Prabu, panunggilanipun para luhur, tumunten pangageman wau dipun anggekna dhateng tiyang ingkang dipun karsakaken Sang Prabu supados angsal pakurmatan wau, tumunten dipun tumpakna ing kapal, saha kaaraka kalayan numpak kapal wau, nglangkungi alun-alun ing kitha sarta tiyang ingkang sami wonten ing sangajengipun, sami mungela makaten: Kaya mangkene iki ganjarane wong kang dadi keparenge Sang Prabu oleh pakurmatan!”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




ESTER 6:9
5 Iomraidhean Croise  

Karodene ditunggangake ing kreta titihane piyambak kang nomer loro, sarta ing ngarepe ana kang alok-alok: “Hurmat!” Mangkono anggone Yusuf diangkat dening Sang Prabu Pringon dadi kang mengku satanah Mesir kabeh.


Ing kono dhawuhe Sang Prabu marang Sang Haman: “Dienggal jupuken pangageman lan jaran kang kokunjukake iku, iku banjur trapna marang wong Yahudi kang jeneng Mordekhai, kang lungguh ana ing gapuraning karaton; poma aja ana kang cewet tembungmu siji-sijia kang kokunjukake iku.”


Dhawuhe Sang Prabu: “Dhawuhana lumebu!” Bareng Haman wus lumebu, tumuli didangu dening Sang Prabu: “Wong kang dadi keparenge Sang Prabu kudu diparingi kaurmatan, iku dikapakake?” Ing kono panggraitane Sang Haman: “Sapa maneh kang dadi keparenge Sang Prabu kang kudu kaparingan kaurmatan ngluwihi aku iki?”


He putri Sion, surak-suraka kang sora; he putri Yerusalem, giyak-giyaka! Lah ratunira ngrawuhi sira; Panjenengane iku adil sarta unggul, lembah panggalihe, nitih kuldi, belo anaking kuldi momotan.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan