8 punika dipun pendhetna pangageman kaprabon ingkang adatipun dipun agem Sang Prabu piyambak kaliyan kapal titihan ingkang adatipun dipun titihi Sang Prabu piyambak lan sirahipun kaetrapana makutha kaprabon.
nuli padha dipangandikani mangkene: “Para abdine gustimu padha gawanen, putraku Suleman tunggangna ing bihal titihanku dhewe, banjur gawanen menyang ing Gihon.
padha kadhawuhan nyowanake Sang Prameswari Wasti mau marang ing ngarsa dalem kalawan ngagem makuthaning kaprabon, supaya mamerna kaendahaning warnane marang para kawula lan para panggedhe, amarga Sang Prameswari iku endah banget warnane.
Anadene Ester iku dikasihi dening Sang Prabu, kinacek karo sakehing para wanita liyane, sarta oleh sihwilasa tuwin kadarman ana ing ngarsane ngluwihi sarupaning kenya liyane, satemah banjur kaanggonan makuthaning kaprabon, kajunjung dadi prameswari nggenteni Sang Prameswari Wasti.
Nanging bapakne prentah marang batur-bature: Enggal jupukna jubah kang apik dhewe, nuli enggokna, drijine enggonana ali-ali lan enggonana sepatu sikile.