Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




ESTER 6:6 - Kitab Sutji

6 Dhawuhe Sang Prabu: “Dhawuhana lumebu!” Bareng Haman wus lumebu, tumuli didangu dening Sang Prabu: “Wong kang dadi keparenge Sang Prabu kudu diparingi kaurmatan, iku dikapakake?” Ing kono panggraitane Sang Haman: “Sapa maneh kang dadi keparenge Sang Prabu kang kudu kaparingan kaurmatan ngluwihi aku iki?”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




ESTER 6:6
19 Iomraidhean Croise  

“Awewaton undhang-undhang Sang Prameswari wajib kapatrapan apa, amarga ora ngestokake marang timbalane Sang Prabu Ahasyweros, kang kaaturake dening para priyayi kadhaton.”


Sang Haman nyaritakake bab gedhening kasugihane sarta sakehing putrane kakung, apamaneh sakehe kaluhurane, kang diparingake dening Sang Prabu, sarta anggone kawisudha ngungkuli para panggedhe lan para abdine Sang Prabu kabeh.


Sang Haman banjur mendhet pangageman lan titihan mau, pangagemane dianggokake Pak Mordekhai lan ditunggangake ing jarane, sarta diarak metu ing alun-aluning kutha, karo ana kang nguwuh-uwuh ana ing ngarepe: “Kaya mangkene iki ganjarane wong kang dikarsakake dening Sang Prabu oleh pakurmatan.”


Abdine Sang Prabu banjur padha munjuk: “Kauningana, Sang Haman ingkang wonten ing plataran.”


Mulane Sang Haman banjur munjuk marang Sang Prabu: “Menggah tiyang ingkang dipun karsakaken dening Sang Prabu angsal kaurmatan,


Lan pangageman tuwin kapal punika wau kapasrahna dhateng sawenehing pangageng abdinipun Sang Prabu, panunggilanipun para luhur, tumunten pangageman wau dipun anggekna dhateng tiyang ingkang dipun karsakaken Sang Prabu supados angsal pakurmatan wau, tumunten dipun tumpakna ing kapal, saha kaaraka kalayan numpak kapal wau, nglangkungi alun-alun ing kitha sarta tiyang ingkang sami wonten ing sangajengipun, sami mungela makaten: Kaya mangkene iki ganjarane wong kang dadi keparenge Sang Prabu oleh pakurmatan!”


Tiyang ingkang sami kepengin sumerep kawula dipun leresaken, punika kajengipun sami asurak-surak saha abingah-bingah! sarta tansah sami wicantena makaten: “Pangeran Yehuwah iku agung, kang ngarsakake rahayune abdine!”


Awitdene wong kang tanpa pangalaman iku bakal kapatenan dening anggone lumun; sarta wong bodho bakal kasirnakake dening sembranane.


Kumenthus iku pepucuking karusakan, lan gumunggung iku pucuking ambruk.


Lumuhur-luhur pepucuking karusakan, nanging andhap-asor iku margane kajen.


Ana turun kang wateke angkuh, lan ladak mripate;


Delengen iku abdiningSun kang Sunasta, pilihaningSun kang ndadekake renaningSun. Kang wus Sunparingi RohingSun, supaya banjur ngundhangake kabeneran marang para bangsa.


Ingsun bakal karenan damel becik marang wong-wong iku, marga saka wong-wong iku, sarta Sundamel tuwuh ana ing nagara kene kalawan setya, kalawan gumolonging galih lan gumolonging nyawaningSun.


Sira wus diapusi dening piangkuhe atinira, sira kang manggon ing gampeng-gampenging parang kang dumunung ing papan kang dhuwur, sarta kang duwe osik: “Sapa kang bisa ngundhunake aku menyang ing bumi?”


Banjur ana swara saka ing swarga, kang ngandika: “Iki PutraningSun, kekasihingSun, kang ndadekake renaning panggalihingSun.”


supaya wong kang ngulemi kowe lan wong mau aja padha marani kowe lan calathu marang kowe: Kula aturi mingser, palenggahan punika kagem sadherek punika. Kowe banjur kapeksa ngalih linggih ing buri dhewe kalawan wirang.


supaya kabeh wong padha ngurmatana marang Sang Putra kayadene anggone ngurmati marang Sang Rama. Sing sapa ora ngurmati marang Sang Putra, iku uga ora ngurmati marang Sang Rama kang ngutus Panjenengane.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan