Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




ESTER 6:4 - Kitab Sutji

4 Pandangune Sang Prabu: “Sapa kang ana ing plataran kono iku?” Ing wektu iku Sang Haman lagi bae rawuh ana ing plataraning kadhaton ing njaba arep ngunjuki uninga marang Sang Prabu bab Pak Mordekhai, kang arep disulah ana ing panyulahan kang wus kacawisake kanggo dheweke.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




ESTER 6:4
12 Iomraidhean Croise  

“Sakathahing para abdinipun Sang Prabu sadaya dalah tiyang ing sakathahipun dhaerah wewengkonipun Sang Prabu sadaya sampun sami sumerep, bilih tumrap sinten-sintena, jalera estria, ingkang seba dhateng ngarsanipun Sang Prabu ngantos dumugi ing plataran nglebet, boten sarana dipun timbali, namung wonten undhang-undhang satunggal ingkang tumindak: inggih punika paukuman pejah. Namung manawi Sang Prabu karsa ngathungaken jungkating kaprabon kancana dhateng tiyang punika, tiyang punika tetep gesang. Lan salebetipun tigang dasa dinten punika kula boten katimbalan marek ing ngarsanipun Sang Prabu.”


Bareng wus tutug telung dinane Sang Prameswari Ester banjur ngagem busana kaprabon, tumuli jumeneng ana ing plataran njero madhep marang kadhaton, Sang Prabu mbeneri lenggah ing dhamparing karajan ana ing kadhaton.


Zeresy kang garwa, dalah para mitrane kabeh padha saiyeg matur: “Sae kadamelna saka panyulahan, ingkang inggilipun seket asta, lan benjing-enjing panjenengan munjuk dhumateng Sang Prabu, supados Mordekhai kasulaha wonten ing saka punika. Sasampunipun makaten, dipun eca ing galih anggen panjenengan ndherek Sang Prabu dhateng bujana.” Prakara iku digalih becik dening Sang Haman, tumuli dhawuh gawe saka panyulahan.


Sang Prabu banjur ndangu: “Mordekhai iku wus kaganjar kaurmatan lan kaluhuran apa krana saka iku mau?” Unjuke para abdine Sang Prabu, kang kawajiban ngladeni panjenengane: “Piyambakipun dereng kaganjar punapa-punapa.”


Abdine Sang Prabu banjur padha munjuk: “Kauningana, Sang Haman ingkang wonten ing plataran.”


Sawenehing priyayi kadhaton, kang lagi ana ing ngarsane Sang Prabu, kang asma Kharbona banjur munjuk: “Ing sacelaking griyanipun Haman wonten panyulahan ingkang inggilipun seket asta, ingkang dipun damel dening Haman kangge Mordekhai, tiyang ingkang milujengaken Sang Prabu kanthi anggenipun ngunjukaken palapuran punika.” Dhawuhe Sang Prabu: “Sulahen ana ing panyulahan iku!”


Para wong wasis dicepeng sajroning kaculikane dhewe, lan kekarepane wong julig ora bakal ketutugan.


Panjenengane kang lenggah ana ing swarga iku gumujeng, Sang Yehuwah moyoki wong-wong mau.


supaya nyawane kauwalake saka ing pati, sarta padha diuripi ing mangsa paceklik.


Samubarang kabeh kang tinemu dening tanganmu supaya dilakoni, iku tindakna ing sabisa-bisamu, awit ing jagading wong mati kang bakal kokparani ora ana pagawean, panimbang-nimbang, kawruh lan kawicaksanan.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan