ESTER 6:3 - Kitab Sutji3 Sang Prabu banjur ndangu: “Mordekhai iku wus kaganjar kaurmatan lan kaluhuran apa krana saka iku mau?” Unjuke para abdine Sang Prabu, kang kawajiban ngladeni panjenengane: “Piyambakipun dereng kaganjar punapa-punapa.” Faic an caibideil |
Nanging tumrap sira ingsun wus midhanget, manawa sira bisa ngunjukake makna lan bisa ngudhar reruwed. Awit saka iku, manawa sira bisa maca tulisan iku lan bisa ngunjukake maknane marang ingsun, sira bakal kapanganggonan wungu sarta gulunira bakal kinalungan rante emas, lan ana ing karajan kene sira bakal nduweni pangwasa, dadi wong kang katelu.”
Sang Prabu nuli dhawuh kalawan sora, supaya para juru gendam, para wong Kasdim lan para ahli nujum padha kasowanake, Sang Prabu ngandika marang para wong wicaksana ing Babil iku: “Saben wong kang bisa maca tulisan iki lan bisa ngunjukake maknane marang ingsun, iku bakal dipanganggoni wungu, lan dikalungi rante emas apadene bakal kadunungan pangwasa, dadi wong katelu ana ing karajaningsun.”