2 Ing kono tinemu ana pengetan bab Pak Mordekhai kang nglapurake prakara abdine Sang Prabu loro, panunggalane abdi jagapura, kang jeneng Bigtan lan Teresy, padha ngarah arep nyedani Sang Prabu Ahasyweros,
Nalika jumenenge Sang Prabu Ahasyweros ing wiwitane anggone ngasta paprentahan, wong mau padha ngunjukake layang panggugat tumrap para wong kang wus padha manggon ing Yehuda lan ing Yerusalem.
Sang Prabu banjur ndangu: “Mordekhai iku wus kaganjar kaurmatan lan kaluhuran apa krana saka iku mau?” Unjuke para abdine Sang Prabu, kang kawajiban ngladeni panjenengane: “Piyambakipun dereng kaganjar punapa-punapa.”