ESTER 6:12 - Kitab Sutji12 Sawuse mangkono Pak Mordekhai banjur bali maneh menyang ing gapurane kadhaton, nanging Sang Haman gupuh-gupuh kondur kalawan prihatin sarta kekudhungan. Faic an caibideil |
Sang Prabu Akhab nuli kondur ngedhaton kalawan panggalih rengu lan mendhekel marga saka ature Nabot, wong Yizreel mau marang panjenengane: “Warisan saking para leluhur kawula punika boten badhe kawula caosaken ing ngarsa dalem.” Sang Prabu banjur leyeh-leyeh ing pasareane kalawan ungkeb-ungkeb sarta ora karsa dhahar.
Paring wangsulane Sang Prabu marang Sang Putri: “Marga ingsun wus ngandika marang Nabot, wong Yizreel iku: Kebon anggurira iku caosna marang ingsun kalawan suntumbas, utawa manawa sira luwih seneng, sira bakal sunparingi kebon anggur minangka ijole. Nanging ature: Kebon anggur kawula punika boten badhe kawula caosaken dhumateng panjenengan dalem.”
Nalika Sang Prabu rawuh wangsul saka ing patamananing kadhaton, lumebet ing gedhong panggonane unjuk-unjukan, Sang Haman mau ketemu nglumpruk sumungkem ing kanthil pasareane Sang Prameswari Ester. Pangandikane Sang Prabu: “Apa iya arep masesa marang Sang Prameswari ana sajroning kadhatoningsun piyambak?” Bareng pangandika iku miyos saka tutuke Sang Prabu, para abdi tumuli ngrukupi pasuryane Sang Haman.