Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




ESTER 6:10 - Kitab Sutji

10 Ing kono dhawuhe Sang Prabu marang Sang Haman: “Dienggal jupuken pangageman lan jaran kang kokunjukake iku, iku banjur trapna marang wong Yahudi kang jeneng Mordekhai, kang lungguh ana ing gapuraning karaton; poma aja ana kang cewet tembungmu siji-sijia kang kokunjukake iku.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




ESTER 6:10
7 Iomraidhean Croise  

Sira kabeh padha sumurup, manawa pangandikane Pangeran Yehuwah kang wus kawiyos tumrap kulawargane Sang Prabu Akhab, ora ana kang ora kelakon. Pangeran Yehuwah wus nindakake apa kang kapangandikakake lumantar Nabi Elia, abdine.”


Sang Haman banjur mendhet pangageman lan titihan mau, pangagemane dianggokake Pak Mordekhai lan ditunggangake ing jarane, sarta diarak metu ing alun-aluning kutha, karo ana kang nguwuh-uwuh ana ing ngarepe: “Kaya mangkene iki ganjarane wong kang dikarsakake dening Sang Prabu oleh pakurmatan.”


Lan pangageman tuwin kapal punika wau kapasrahna dhateng sawenehing pangageng abdinipun Sang Prabu, panunggilanipun para luhur, tumunten pangageman wau dipun anggekna dhateng tiyang ingkang dipun karsakaken Sang Prabu supados angsal pakurmatan wau, tumunten dipun tumpakna ing kapal, saha kaaraka kalayan numpak kapal wau, nglangkungi alun-alun ing kitha sarta tiyang ingkang sami wonten ing sangajengipun, sami mungela makaten: Kaya mangkene iki ganjarane wong kang dadi keparenge Sang Prabu oleh pakurmatan!”


He sakehe para kekasihing Pangeran, padha tresnaa marang Sang Yehuwah! Sang Yehuwah ngreksa para wong kang setya, nanging kang gumunggung diwales temenan.


Ing samengko ingsun, Nebukadnezar, memuji, ngluhurake lan mulyakake Sang Prabu ing Swarga, kang sakehing pandamele bener lan sapangrehe kabeh padha adil, sarta kwaos ngesorake wong-wong kang gumunggung.


Sabab sing sapa ngluhurake awake dhewe, bakal kaasorake, lan sing sapa ngasorake awake dhewe bakal diluhurake.


patrapana panyiksa lan kaprihatinan, kayadene anggone wus ngrasakake kaluhuran lan kamukten. Sabab osiking atine mangkene: Aku lungguh ing dhampar kaya ratu, aku dudu randha, lan aku ora bakal tau prihatin.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan