Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




ESTER 5:9 - Kitab Sutji

9 Ing dina iku Sang Haman mundur kalawan rena lan gambira panggalihe. Nanging bareng Sang Haman mau mirsani Pak Mordekhai ana ing gapuraning kadhaton, ora ngadeg lan ora obah ngurmati ana ing ngarsane Sang Haman, galihe Sang Haman benter banget tumrap Mordekhai.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




ESTER 5:9
19 Iomraidhean Croise  

Sang Prabu Akhab nuli kondur ngedhaton kalawan panggalih rengu lan mendhekel marga saka ature Nabot, wong Yizreel mau marang panjenengane: “Warisan saking para leluhur kawula punika boten badhe kawula caosaken ing ngarsa dalem.” Sang Prabu banjur leyeh-leyeh ing pasareane kalawan ungkeb-ungkeb sarta ora karsa dhahar.


Paring wangsulane Sang Prabu marang Sang Putri: “Marga ingsun wus ngandika marang Nabot, wong Yizreel iku: Kebon anggurira iku caosna marang ingsun kalawan suntumbas, utawa manawa sira luwih seneng, sira bakal sunparingi kebon anggur minangka ijole. Nanging ature: Kebon anggur kawula punika boten badhe kawula caosaken dhumateng panjenengan dalem.”


Sasuwene para kenya kaklumpukake kang kapindhone, Mordekhai lungguh ana ing gapuraning karaton.


Lan sakehing para abdine Sang Prabu kang ana ing gapuraning karaton padha tumungkul sujud ana ing ngarsane Sang Haman mau, amarga pancen mangkono iku prentahe Sang Prabu, nanging Mordekhai ora tumungkul sujud.


Bareng Sang Haman mirsa yen Pak Mordekhai ora tumungkul sujud marang panjenengane, banjur banget muring-muringe.


Ewasamono iku kabeh ora maedahi tumraping aku, sasuwene aku isih ndeleng si Yahudi Mordekhai kang lungguh ana ing gapuraning kadhaton.”


manawa gambirane wong duraka iku ora awet, sarta kasenengane wong kang nyingkur marang Gusti Allah iku mung sadhela?


Manawa wong-wong ing tarubku ora muni: Sapa kang ora wareg marga saka lelawuhane –


kang nganggep asor marang kang ambek nistha, nanging ngajeni wong kang padha wedi asih marang Sang Yehuwah; kang ngantepi supatane, sanadyan kapitunan;


Sanadyan akeh bala kang padha ngedegake tarub ngepung aku, atiku ora giris, sanadyan tuwuh peperangan, atiku tetep pracaya.


Ing kono Sang Prabu Nebukadnezar kalawan duka lan bendu dhawuh, supaya Sang Sadrakh, Sang Mesakh lan Sang Abednego disowanake. Bareng wus padha sowan ing ngarsane Sang Prabu,


Aja wedi marang wong-wong kang bisa mateni raga, nanging ora bisa mateni nyawa, aluwung wedia marang Panjenengane, kang bisa ngrusak karo-karone ana ing naraka, iya jiwamu iya ragamu.


Bareng Sang Prabu Herodhes ngertos yen Panjenengane dicidrani dening para pandhita, banget dukane, banjur dhawuh mateni sakehe bocah lanang ing kutha Betlehem salaladane, kang umur rong taun sapangisor, manut wektu anggone angsal katrangan saka para pandhita.


Bilai kowe, kang saiki wareg, amarga kowe bakal luwe. Bilai kowe, kang saiki gumuyu, amarga kowe bakal nandhang susah lan nangis.


Satemen-temene Aku pitutur ing kowe: Kowe bakal padha nangis lan sesambat, nanging jagad bakal bungah; kowe bakal padha nandhang susah, nanging kasusahanmu bakal salin dadi kabungahan.


Bareng para warganing Pradata Agama mireng iku mau kabeh, padha rumaos kecocog panggalihe sarta padha nglawan kalawan kerot-kerot waja.


Padha rumangsaa kesrakat, padha prihatina sarta nangisa; guyumu salinana tangis, sarta kabungahanmu salinana prihatin.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan